Kasustraan Jawa Gurit

IBU
Sinembah sinujud marang samparanmu bu..     
Dene Tumetesing tirta gawe telesing nala
Esih emut ana ing prentuling tyas ingsung

Rikalane tangis jejerit kuwi gawe tangining saremu
Rikalane luwehe weteng iki, dadi pagaweyanmu
Rikalane ingsun amung bisa ngumbar tangis...

Panjenenganipun ibu...
Siji saka yutaning manungsa, sing lila
Sing bisaa legawa
Ngelela, ngelelo ngedem tangisku

Tirtaning netra ingsung
Nora kabendung mili deres
Nalikaning insung nyeyawang
Badanmu ayumu, wis layu...
Nyawamu lunga mlayu

Toyaning pangurip ingsun
Wis mentas, ngudi lan nguri marang ingsun
Nyukani asih uga asmara...

Wis tekan mangsane
Ibu...
Panjenenganipun
Sowan ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung
Ibu... amung dedonga sajumput
Kang bisa ingsung cawisake
Sanajan ora sepira
Mugaa panjenenganipun saged nampa

Dedonga saka atmaja sing durung bisa dadi apa
Wulangan 1 Carita Pengalaman Pribadi
Tuladha Crita Pengalaman Pribadi

 Dhateng Pelabuhan Semarang

            Pinuju dinten libur kula sakanca dipun irid Bapak Guru karyawisata dhateng pelabuhan Semarang, seneng-seneng ngiras pados indhaking seserepan. Kanca kula klas sekawan sedaya wonten lare kawan dasa. Dados, cekap ngangge bis satunggal, dipun irid Bapak Guru saha Bapak Kepala Sekolah.

            Jam pitu enjing kula sakanca bidhal saking Ponorogo. Lampahipun bis ingkang kula tumpaki bablas tanpa mawi kendel-kendel. Pamrihipunm supados dumuginipun ing pelabuhan dereng benter sanget. Ing samargi-margi kula sakanca sakalangkung seneng nyawang endahing sesawangan ing sakiwa tengening margi. Dumugi ing Tuntang, kitha alit ing saelering kitha Slatiga, ing sisih kiwaning margi ketingal Rawa Pening, toyanipun lerab-lerab katut ing suilirng angin, ketingal negsemaken.

            Watawis pukul sanga bis ingkang kula tumpaki sampun dumugi ing pelabuhan Semarang. Ing ngriku kula sumerep kapal alit-alit katha sanget, sami momot kajeng. Baita punika sami labuh ing sungapaning lepen. Kapal ingkang ageng boten saged labuh wonten ing ngriku, jalaran ing ngriku toyanipun cethek saha papanipun rupeg sanget. Kapal ingkang ageng sami labuh wonten ing papan sanes, tebih saking gisiking seganten, ing panggenan ingkang toyanipun lebet. Saking panggenan labuhipun baita-baita ageng ngantos dumugi ing gisiking segangen wonten margi panjang, wiyaripun watawis kali meter. Kejawi baita barang, ing sakiwa-tengenipun margi punika ugi katha baita alit-alit sami kendel. Baita punika dipun sewakaken dhateng umum ingkang kepengin badhe praon. Saking ngriku ugi ketingal wonten baita layar alit-alit pating krampul wonten ing satengahing seganten. Baita punika baitanipun para juru misaya mina, ingkang sami badhe wangsung ndharat.

            Pukul tiga siyang kula tata-tata badhe wangsul. Kangge angsal-angsal Bapak-ibu saha Adhik-adhik ing griya, kula tumbas ulam seganten lan rempeyek urang.

Dhateng Kebun Binatang

            Kirang langkung jam sedasa enjing bis ingkang kula tumpaki sampun dumugi ing plataranipun Kebun Binatang Gembiraloka. Dados, saking kitha kula dumugi Ngayogyakarta kirang langkung naming lampahan satunggal jam.

            Sasampunipun Bapak Guru mundhut karcis, kula sakanca lajeng mlebet. Bapak Guru saha Ibu Guru boten kendhat-kendhat paring pemut, bilih kula sadaya boten kepareng ngganggu damel kewan-kewan ingkang dipun ingah wonten ing Kebun Binatang ngriku.

            Saking gapura ngajeng lampah kula nglangkungi kebon iangkang sakelangkung wiyar. Marganipun menggak-menggok lan minggah mandhap. Nanging sesawangan ing ngriku sakalangkung asri, ngresepaken pandalu. Kebon punika dipun tanemi wit-witan ageng-ageng, warna-warni. Ronipun ngrembuyung, njalari hawa ing papan ngriku idhum lan seger, nuwuhaken raos ayem lan tentrem.

            Sasampunipun nglangkungi kreteg alit, lampah kula dumugi ing sapinggiring blumbangan wiyar. Blumbang punika loyanipun kimplah-kimplah bening, ombakipun ageng. Amargi ing ngriku katha prau motor sami lelumban. Ing ngriku ugi katha sanget peksi mliwis sami lelangen. Menawi badhe ketrajang lampahing mau, peksi-peksi punika sami mabur sesarengan, kados dipun abani. Boten dangu lajeng ambyar malih sesarengan, pados papan ingkang kepara tebih saking dunungipun prau.

            Marem ningali sesawangan ing blumbang punika, kula sakanca nglajengaken lampah. Sapunika kula dumugi ing sacelakipun krangkeng lan kandhang-kandhang kewan. Ing ngriku katha sanget kewan iangkang dipun ingah. Kadosta: liman, sima, menjangan, kancil, kidang, bantheng, onta, sawer, lan kethek. Liman punika badanipun ageng-inggil, nanging lampahipun lendreg-lendreg kados tiyang aras-arasen. Kanca kula ingkang kaleres mbekta timung lajeng nguncalaken timunipun dhateng liman punika. Jebul liman ugi doyan timun. Kethek punika ulesipun warna-warni. Wonteng ingkang ulesipun klawu, wonten ingkang abrit semua soklat, lan wonten ingkang cemeng njanges. Kula lingak-linguk madosi kethek ingkang ulesipun pethak, nanging boten wonten. Batos kula, “Apa kethek putih kaya Anoman kae anane mung ana ing crita wayang, kok kene ora ana?” kula badhe matur dhateng Bapak Ibu Guru boten wanton, ajrih menawi dipun gujeng kanca-kanca.

            Kewan-kewan punika ketingalipun gesangipun seneng sanget. Nanging, panginten kula badhe langkung seneng menawi dipun luwari saking krangkengipun, dipun wangsulaken dhateng wana, gesang mardika kados wingi uni.

            Sareng sampun kemput anggen kula ningali sedaya isen-isenipun. Gembiraloka, kula sedaya, Bapak saha Ibu Guru, lajeng tata-tata badhe wangsul. Saderengipun nilar papan iangkagn sakalangkung nengsemaken punika, kula sedaya sami ngaso wonten ing sangandhapipun wit-wit ageng ing sacelakipun regol, sinambi ndhudah sangu, nedha lan ngombe.



Ningali Pabrik Gendhis

            Kula mentas inggah-inggahan. Kangge mewahi seserepan, kula sakanca dipun irid Bapak Guru ningali pabrik gendhis. Kalih dinten sasampunipun Pak Guru ngajengaken serat panyuwunan idin. Pak Gru tampi katrangan bilih kula sakanca dipun lilani ningali pabrik gendhis. Nanging, dipun wantos-wantos bilih wonten ing pabrik mangke kula sakanca kedha tansah ngatos-atos. Amargi, sadangunipun pabrik saweg giling, mesin-mesin sami boten kenging dipun sanak.

            Sasampunipun cekap anggen kula sami tata-tata, kula sakanca dipun arak Pak Guru bidhal. Dumugi ing pabrik, kula dipun tampi dening juru panerang, lajeng dipun irid mubeng, saha dipun terangaken lampah-lampahipun tiyang damel gendhis.

            Sepisan kula dipun tedahi tandhon tebu pinten-pinten trek saha pinten-pinten lori. Tebu semanten kathahipun punika ing mangkenipun badhe dipun giling, dipun damel gendhis. Saking apapn ngriku kula lajeng dipun ajak dhateng satunggaling apapn ingkang wonten krepyakipun. Krepyak punika isi tebu lan mlampah terus. Lampahipun tebu punika ngatos dumugi ing sangandhapipun mesin giles. Ing ngriku tebu punika dipun giles ngatos remuk, nangin taksih rada agal. Remukipun tebu punika ngedalaken toya tebu, gemrojog dipun tadhahi kalenan alit, mili dhateng kolahan.

            Saking ngriku dipun ajak dhateng panggenan mesin giles sanes ingkang radi alus. Dumugi ten ngriku, tebu ingkang sampun remuk punika lajeng sansaya remek, lan ugi ngedalaken toya tebu. Toya tebu punika ugi dipun tadhahi ing kalenan, ingkang ugi lajeng mili dhateng bak utawi kolahan.

            Saking ngriku kula nglajengaken lampah dumugi ing sacelakipun bak isi toya tebu. Toya tebu punika rupinipun reged, butheg kados toya leepn manawi pinuju banjir. Boten dangu wonten ing ngriku, kula sakanca lajeng dipun irid dhateng panggenanipun bak sanes. Wonten ing bak ngriku, toya tebu sampun ewah dados bening, resik, kenthel kados setrup, amargi sampun dipun saring lan sampun dipun jantoni.


            Saking ngriku kula dipun irid dhateng panggenan sanes. Ing ngriku kula sumerep kalenan malih, nanging boten mili toya. Kalenan punika mili wedhi pethak, nanging sareng kula tamataken jebul gendhis pasir. Papan pungkasan ingkang kula tingali arupi gudhang gendhis makarung-karung. 

KAWRUH SAPALA VII ( iklan)

Iklan Basa Jawa


Materi Kelas VII Semester 1 (wulangan 3)


Wulangan 3
KOMUNIKASI 

1.    Mendengarkan/Ngrungokake

Ø  Standar Kompetensi
Mampu mendengarkan dan mamahami berbagai wacana lisan dalam berbagai ragam bahasa Jawa
Ø  Kompetensi Dasar
Mendengarkan dan memahami isi berita yang dibicarakan atau disiarkan melalui radio
Ø  Indikator
a.    Menuliskan pokok-pokok berita yang di dengar
b.    Menuliskan isi berita
c.    Memberi tanggapan
TEKS PAWARTA 1

Ing pengetan "Hari Bahasa Ibu Internasional" pamarentah kota Magelang ngadani upacara ing alun-alun kanthi tata upacara nggunakakebasa ibu yaiku basa Jawa. Pamarentah kota Magelang kepengin ngerteni sepira gedhene para mudha taruna anggone padha tepung lan mersudi basa krama inggil. Ana ing upacara mau sebutan kanggo inspektur upacara dadi sesepuh upacara, kanggo komandan upacara dadi manggala upacara, pembawa cara dadi panata adicara lan sapanunggalane. Aba-aba nalika upacara uga migunakake basa krama inggil. Manggala upacara manganggo sandhangan kejawen, yaiku jarit, blangkon lan keris.

                                    (kapethi saka: Suara Merdeka 27 Februari 2006 kanthi kabesut parlune)

TEKS PAWARTA 2

Udan deres carup angin, Senin sore 23 Januari 2006 nrajang wewengko Jakarta, Bogor, Tangerang lan Depok. Lalu lintas macet ing dalan-dalan jalaran wit-witan lan baliho papan iklan kang ambruk ig tengah dalan. Ing kawasan Kelapa Dua Jakarta, menara pemancar duweke televisi TV 7 sing dhuwure 100 meter rubuh ngebruki wong telu nganti tiwas.

Petugas Badan Meteorologi lan Geofisika, Endra Santoso mratelakake angin lesus pancen lagi ngincim wewengkon Jakarta lan kiwa tengene. Penyebabe Jakarta mujudake dhaerah kang dadi sapatemoning saka pesisir kulon Sumatra, Jawa Kulon lan laut Bandha lan laut Arafuru.

                                                                        (kapethi saka: Panjebar Semangat – 05/2006)   

2.    Berbicara/Wicara
Ø  Standar Kompetensi
Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan melalui berbicara, bercerita, dan berdialog dalam berbagai ragam bahasa Jawa dengan unggah-ungguh Bahsa Jawa yang sesuai
Ø  Kompetensi Dasar
Berdialog
Ø  Indikator
Menggunakan dan menanggapi pembicaraan atau bertanya jawab sesuai konteks pembicaraan dengan santun bahasa yang tepat
Wacanen pacelathon ing ngisor iki banjur tindakna ig ngarep kelas!
Laras   : "Nuwunsewu, Bu.... punapa ibu wonten wekdal, laras badhe matur kaliyan Ibu. "
Ibu       :"Kok.... katone wigati banget ta Ras.... ana apa? "
Laras   : "Anu.... Bu, benjang wulan ngajeng punika lare-lare kelas tiga badhe bidhal study tour. "
Ibu       :"O.... bab kuwi ta. Banjur study tour  menyang ngendi? "
Laras   : "Kados adat sabenipun Bu, dhateng Jakarta. "
Ibu       :"Lha ing Jakarta sing dituju ngendi wae? "
Laras   :"Menawi botn lepat adatipun mesjid At Tin, TMII, Musium IPTEK, mesjid Istiqlal, lajeng Taman Impian Jaya Ancol. "
Ibu      :"Iya wis yen ngono.... kae ana dhuwit sesuk ndang dibayarna. Ibu mung weling amarga Jakarta iku kutha gedhe, kowe kudu tansah njaga tindak-tandukmu. Kejaba kuwi uga kudu ngerti tata krama lan sopan santun marang Bapak/ibu guru lan marang kanca-kancamu. "
Laras   :"Inggih.... Bu badhe kula estokaken."

KAWRUH BASA

Sawise nggatekake pcelathon ing dhuwur, ana tembung tindak-tanduk, tata krama, lan sopan santun. Tembung-tembung iku sejatinee tembung loro kang padha tegese utawa meh padha tegese dienggo bebarengan lan duweni teges mbangetake, kang diarani tembung saroja. 

PARAMASASTRA
 
Basa kang digunakake pacelathon ing dhuwur yaiku ngoko lugu lan krama inggil/alus.
·         Laras marang ibu migunakake basa krama alus utawa krama inggil. Kejaba basa krama alus utawa krama inggil digunakake anaka marang ibu lan bapak, uga bisa digunakake:
1.         Wong enom marang wong tuwa
2.         Murid marang guru
3.         Batur/rewang marang bendarane
4.         Tepungan anyar.
·         Ibu marang Laras migunakake basa ngoko lugu, amarga basa ngoko lugu iku digunakake:
1.         Wong tuwa marang wong enom
2.         Sepadha-padha marang kang wis kulina
3.         Bocah cilik kang durung bisa guneman cetha
4.         Wong kang lagi grenengan.


3.  Membaca/Maca

Ø Standar Kompetensi
Mampu membaca nyaring/bersuara sesuai dengan intonasi, jeda, atau tempo lafal dan irama yang benar.
Ø Kompetensi Dasar
Membaca nyaring (bersuara) teks bacaan tentang kebersihan
Ø Indikator
a.    Membaca dengan suara jelas
b.    Melafalkan kata-kata dan kalimat dengan lafal dan intonasi yang benar

Teks Wacan

KARESIKAN LINGKUNGAN SEKOLAH
Sekolah iku minangka omah kanggo para siswa. Menawa sekolahan mau katon resik, endah, aman lan eyup mesthine para siswa rumangsa kerasan lan seneng ana sekolahan. Kosok baline menawa sekolahan iku katon reged, semrawut pating slengkrah wis mesthi para siswa ora bakal betah suwe-suwe ana sekolahan. Kahanan kang nyenengake mau bisa kawujudake menawa kabeh warga sekolah gelem saiyeg saeka praya bareng-bareng ndandani lan nata sekolahane. Sekolah bisa tumata apik iku ora muung dadi tanggung jawabe kepala sekolah wae, nanging uga kabeh guru, karyawan TU, penjaga sekolah lan sing ora kalah wigatine para siswa iku dhewe.
Bab resiking sekolahan iku bisa diwiwiti saka kelas-kelas. Saben kelas duweni tanggung jawab ndadekake kelase dadi resik, endah, aman, lan tumata. Saben kelas kabimbing wali kelase dhewe-dhewe gawe jadwal piket. Bocah kang piket mau duweni kuwajiban nyapu kelas, nyulaki meja guru lan murid, nyulaki jendhela lan liya-liayane. Uger saben siswa ngerti marang tanggungjawabe dhewe-dhewe, wis mesthi kelase ora bakal katon reged.
Menawa karesikan ing jero kelas wis bisa kajaga kanthi ajeg, para siswa kudu duweni tanggung jawab njaga karesikan ing jaba kelas. Wadhah bungkus jajan saka plastic, godhong utawa kertas ora dibuawang saparan-paran, naging kudu dibuwang ing panggonan uwuh kang wis disedhiyakake ing ngarep-ngarep kelas. Kembang-kembang ing ngarep kelas utawa ing taman-taman ora kena dipethiki utawa dirusak kareben tansah katon endah lan nengsemake menawa disawang.
Ora kendhat-kendhat bapak lan bapak/ibu guru tansah ngelingake wigatine njaga karesikaning lingkungan sekolah. Ora ngemungake yen pinuju dibiji wae, nanging kudu bisa ditindakake ing saben dinane. Kanggo nggrengsengake ayahan mau, sekolah bisa nganakake ada-ada mligi kanggo resiking lingkungan sekolah, umpamane “JUMAT BERSIH”. Ayahan kuwi bisa katindakake kabeh warga sekolah, saengga ing antarane kepala sekolah, guru, karyawan, lan para siswa bisa gembul nyambut gawe bebarengan nata sekolahane kareben katon gilar-gilar.  


4.    Menulis/Nulis

Ø Standar Kompetensi
Mampu mengungkapkan pikiran, gagasan, pendapat, dan perasaan secara tertulis dalam berbagai bentuk tulisan dan ragam bahasa Jawa sesuai degan unggah-ungguh basa yang benar.
Ø Kompetensi Dasar
Menulis pengumuman
Ø Indikator
Mampu menulis pengumuman demean bahsa yang efektif dan komunikatif, misalnya tentang rencana kunjungan ke suatu tempat.


NULIS WARA-WARA (PENGUMUMAN)

   Wara-wara iku tujuane kanggo menehi warta utawa kabar marang wong akeh ngenani sawijining acara uatawa ayahan. Saben wara-wara duweni titikan kang beda siji lan sijine. Wara-wara bisa ditulis nganggo basa resmi lan bisa uga katulis nganggo basa ora resmi, gumantung isining wara-wara.
 

Materi Kelas VII Semester 1 (wulangan 2)


Wulangan 2
BUDI PEKERTI


1.    Mendengarkan/Ngrungokake
Ø Standar Kompetensi
Mampu mendengarkan dan memahami berbagai wacana lisan dalam berbagai ragam Bahasa Jawa.
Ø Kompetensi Dasar
Mendengarkan dan memahami pengumuman tentang rencana kegiatan
Ø Indikator
a.    Mampu mengungkapkan isi pengumuman secara lisan dan tertulis
b.  Mampu memberi tanggapan
A. pariwara nunggal teges karo wara-wara. Titikane pariwara yaiku kudu ana:
a.       Irah-irahan
b.      Pambuka (sing diwenehi kabar)
c.       Isi (surasa basa)
d.      Panutup (panyuwun, pangarep-arep)
e.       Papan lan titi mangsa
f.       Paprenah (jabatan sing menehi wara-wara)
g.      Tapak asma
h.      Asma terang
i.        Basane cetha, ringkes, lan gampang dingerteni
B. semaken pariwara (wara-wara) ing ngisor iki!
Tuladha (1)

Wara-wara warga RT 07/V
Dusun Katonsari Demak

Katur dhumateng sedaya warga RT 07/V Dusun Katonsari Demak, kausuwun gugur gunung benjing:
Dinten                : Mingg
      Surya kaping       : 14 Agustus 2014
Tabuh         : 08.00 WIB

Papan                 : Makempal wonten pos rondha RT 07/V

Kasuwun ngasta pirantos kangge reresik. Gugur gunung menika ngiras panten pahargyan pengetan dinten kamardikan RI ingkang kaping 69.
Awit kawigatosan saha karawuhan warga RT 07/V, pengurus RT ngaturaken panuwun ingkang kathah.

Nuwun.

Demak, 12 Agustus 2014
                                                   Pengurus RT 07/V
                                                    Dusun Mekarsari


                                                Sumanto

Tuladha (2)

Wara-wara Ekstra Voli

Para para siswa kang ndherek ekstra voli amarga jemuah sore tanggal 5 Mei 2014 arep dianakake gladhen bebarengan karo SMP 2 Demak, mula gladhen ing sekolahan ditambah dina senen, rabu, lan kamis yaiku tanggal 1,3, lan 4 Mei 2014, jam 15.00 WIB ing lapangan voli SMPN 1 Demak.

Maturnuwun awit kawigatene.

                                                                               Demak, 28 April 2014

 

Tuladha (3)

Wara-wara

Kabiwarakaken dumateng sedaya warga OSIS SMP N 1 DEmak, bilih

Dinten                : Ahad

Surya kaping    : 30 April 2014

Wekdal               : 08.00 WIB

Papan                 : makempal ing aula SMP N 1 Demak

OSIS SMP N 1 Demak badhe ngawontenaken bakti sosial wonten panti asuhan ing kabupaten Demak. Pramila dhumateng sedaya warga OSIS SMP N 1 Demak kedah saged mangayubagya adicara menika.

Mekaten wara-wara saking pengurus OSIS SMP N 1 Demak, sampun kesupen saben lare mbekta pirantos kerja bakti. Wara-wara punika ngiras pantes kagem undangan/sadhahan sedaya warga OSIS SMP N 1 Demak.

Menawi wonten kalepatan sekaliyan kekirangan sedaya pengurus OSIS SMP N 1 Demak nyuwu agunging samodra pangaksama.

Nuwun.

                                                                             Demak, 25 April 2014

Pembina OSIS                                          Ketua OSIS SMP N 1 Demak
 
Drs. Ari Surti                                            Fina Roikhatul Jannah

Sawise wara-wara kasemak, wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

1.      Pariwara 1 saka ngendi?
2.      Pariwara 2 katujokake sapa?
3.      Apa isine Pariwara 3?
4.      Kepriye panutupa Pariwara?
5.      Kapan titimangsae Pariwara 2 kaleksanan lan kapan pariwara digawe?
6.      Sapa kang gawe pariwara 3?
7.      Jam pira adicara arep dilaksanakake miturut pariwara 1?
8.      Aranana paprenah ing pariwara 1 kasebut!
9.      Ragam basa apa kang dienggo pariwara 3?
10.  Apa tegese WIB?


2.    Menulis/Nulis
Ø Standar Kompetensi
Mampu mengungkapkan pikiran, gagasan, pendapat, dan perasaan secara tertulis dalam berbagai bentuk talisan dan ragam bahasa Jawa sesuai degan unggah-ungguh basa yang benar.
Ø Kompetensi Dasar
Menulis surat.
Ø Indikator
Mampu menulis surat pribadi kepada orang tua/yyang lebih tua demean ragam bahasa yang sesuai.
Laying iber-iber
Laying iber-iber padha karo layang kiriman.
Perangane layang yaiku:
1.      Satata basa yaiku alamate layang, bisa ditulis ing dhuwur sisih tengen uga bisa ditulis sisih dhuwur sisih kiwa.
Tuladha:
Kagem Bapak Hadi Sumanto
Kp. Gilingan Kidul No. 50
Demak  
2.      Adangiyah (adawiyah) yaiku salam pambuka
Tuladha:
a.       Pamuji rahayu
b.      Salam taklim
c.       Kabar slamet
d.      Sembah pangabekti
e.       Assalamualaiku wr. Wb
3.      Purwaka (pambuka)
Purwaka yaiku bebukaning layang isine kabar keslametan.
Tuladha:
                        Sareng kaliyan serat punika kang putra ngaturi uninga bilih putra sagotrah tansah….
4.      Surasa basa
Surasa basa yaiku perangane layang kang mratelakake isi utawa kekarepane layang.
5.      Wasana basa
Wasana basa yaiku perangan kang nutup (atur panuwun) layang.
6.      Titi mangsa
Titi mangsa yaiku nerangake dina lan titi mangsa panulisane layang.
Tuladha:
                        Demak, 6 Maret 2014
7.      Paprenah (sesambungane antarane sing ngirim karo sing dikirimi)
Tuladha:
a.       Serat saking putra
b.      Wong tuwamu sing tansah tresna
8.      Tapak asma (tanda tangan)
9.      Asma terang.