Wulangan 3
KOMUNIKASI
1.
Mendengarkan/Ngrungokake
Ø Standar Kompetensi
Mampu
mendengarkan dan mamahami berbagai wacana lisan dalam berbagai ragam bahasa
Jawa
Ø Kompetensi Dasar
Mendengarkan
dan memahami isi berita yang dibicarakan atau disiarkan melalui radio
Ø Indikator
a.
Menuliskan
pokok-pokok berita yang di dengar
b.
Menuliskan
isi berita
c.
Memberi
tanggapan
Ing pengetan "Hari Bahasa Ibu Internasional" pamarentah
kota Magelang ngadani upacara ing alun-alun kanthi tata upacara nggunakakebasa
ibu yaiku basa Jawa. Pamarentah kota Magelang kepengin ngerteni sepira gedhene
para mudha taruna anggone padha tepung lan mersudi basa krama inggil. Ana ing
upacara mau sebutan kanggo inspektur upacara dadi sesepuh upacara, kanggo
komandan upacara dadi manggala upacara, pembawa cara dadi panata adicara lan
sapanunggalane. Aba-aba nalika upacara uga migunakake basa krama inggil. Manggala
upacara manganggo sandhangan kejawen, yaiku jarit, blangkon lan keris.
(kapethi
saka: Suara Merdeka 27 Februari 2006 kanthi kabesut parlune)
TEKS PAWARTA 2
Udan deres carup angin, Senin sore 23 Januari 2006 nrajang wewengko
Jakarta, Bogor, Tangerang lan Depok. Lalu lintas macet ing dalan-dalan jalaran
wit-witan lan baliho papan iklan kang ambruk ig tengah dalan. Ing kawasan
Kelapa Dua Jakarta, menara pemancar duweke televisi TV 7 sing dhuwure 100 meter
rubuh ngebruki wong telu nganti tiwas.
Petugas Badan Meteorologi lan Geofisika, Endra Santoso mratelakake
angin lesus pancen lagi ngincim wewengkon Jakarta lan kiwa tengene. Penyebabe Jakarta
mujudake dhaerah kang dadi sapatemoning saka pesisir kulon Sumatra, Jawa Kulon
lan laut Bandha lan laut Arafuru.
(kapethi
saka: Panjebar Semangat – 05/2006)
2.
Berbicara/Wicara
Ø Standar Kompetensi
Mampu
mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan melalui berbicara,
bercerita, dan berdialog dalam berbagai ragam bahasa Jawa dengan unggah-ungguh
Bahsa Jawa yang sesuai
Ø Kompetensi Dasar
Berdialog
Ø Indikator
Menggunakan
dan menanggapi pembicaraan atau bertanya jawab sesuai konteks pembicaraan
dengan santun bahasa yang tepat
Wacanen pacelathon ing ngisor iki banjur tindakna ig ngarep kelas!
Laras : "Nuwunsewu, Bu....
punapa ibu wonten wekdal, laras badhe matur kaliyan Ibu. "
Ibu :"Kok....
katone wigati banget ta Ras.... ana apa? "
Laras : "Anu.... Bu,
benjang wulan ngajeng punika lare-lare kelas tiga badhe bidhal study tour. "
Ibu :"O.... bab
kuwi ta. Banjur study tour menyang ngendi?
"
Laras : "Kados adat
sabenipun Bu, dhateng Jakarta. "
Ibu :"Lha ing
Jakarta sing dituju ngendi wae? "
Laras :"Menawi botn lepat adatipun mesjid At
Tin, TMII, Musium IPTEK, mesjid Istiqlal, lajeng Taman Impian Jaya Ancol. "
Ibu :"Iya wis yen ngono.... kae ana
dhuwit sesuk ndang dibayarna. Ibu mung weling amarga Jakarta iku kutha gedhe,
kowe kudu tansah njaga tindak-tandukmu. Kejaba kuwi uga kudu ngerti tata krama
lan sopan santun marang Bapak/ibu guru lan marang kanca-kancamu. "
Laras :"Inggih.... Bu
badhe kula estokaken."
KAWRUH BASA
Sawise nggatekake pcelathon ing dhuwur, ana tembung tindak-tanduk,
tata krama, lan sopan santun. Tembung-tembung iku sejatinee tembung loro kang
padha tegese utawa meh padha tegese dienggo bebarengan lan duweni teges
mbangetake, kang diarani tembung saroja.
PARAMASASTRA
Basa kang digunakake pacelathon ing dhuwur
yaiku ngoko lugu lan krama inggil/alus.
·
Laras marang ibu migunakake basa krama alus utawa krama inggil. Kejaba
basa krama alus utawa krama inggil digunakake anaka marang ibu lan bapak, uga
bisa digunakake:
1.
Wong enom marang wong tuwa
2.
Murid marang guru
3.
Batur/rewang marang bendarane
4.
Tepungan anyar.
·
Ibu marang Laras migunakake basa ngoko lugu, amarga basa ngoko lugu iku
digunakake:
1.
Wong tuwa marang wong enom
2.
Sepadha-padha marang kang wis kulina
3.
Bocah cilik kang durung bisa guneman cetha
4.
Wong kang lagi grenengan.
3.
Membaca/Maca
Ø Standar Kompetensi
Mampu
membaca nyaring/bersuara sesuai dengan intonasi, jeda, atau tempo lafal dan
irama yang benar.
Ø Kompetensi Dasar
Membaca
nyaring (bersuara) teks bacaan tentang kebersihan
Ø Indikator
a. Membaca dengan suara jelas
b. Melafalkan kata-kata dan kalimat dengan lafal dan
intonasi yang benar
Teks Wacan
KARESIKAN
LINGKUNGAN SEKOLAH
Sekolah iku minangka omah kanggo para siswa. Menawa
sekolahan mau katon resik, endah, aman lan eyup mesthine para siswa rumangsa
kerasan lan seneng ana sekolahan. Kosok baline menawa sekolahan iku katon
reged, semrawut pating slengkrah wis mesthi para siswa ora bakal betah
suwe-suwe ana sekolahan. Kahanan kang nyenengake mau bisa kawujudake menawa
kabeh warga sekolah gelem saiyeg saeka praya bareng-bareng ndandani lan nata
sekolahane. Sekolah bisa tumata apik iku ora muung dadi tanggung jawabe kepala
sekolah wae, nanging uga kabeh guru, karyawan TU, penjaga sekolah lan sing ora
kalah wigatine para siswa iku dhewe.
Bab resiking sekolahan iku bisa diwiwiti saka kelas-kelas.
Saben kelas duweni tanggung jawab ndadekake kelase dadi resik, endah, aman, lan
tumata. Saben kelas kabimbing wali kelase dhewe-dhewe gawe jadwal piket. Bocah
kang piket mau duweni kuwajiban nyapu kelas, nyulaki meja guru lan murid,
nyulaki jendhela lan liya-liayane. Uger saben siswa ngerti marang
tanggungjawabe dhewe-dhewe, wis mesthi kelase ora bakal katon reged.
Menawa karesikan ing jero kelas wis bisa kajaga kanthi
ajeg, para siswa kudu duweni tanggung jawab njaga karesikan ing jaba kelas. Wadhah
bungkus jajan saka plastic, godhong utawa kertas ora dibuawang saparan-paran,
naging kudu dibuwang ing panggonan uwuh kang wis disedhiyakake ing
ngarep-ngarep kelas. Kembang-kembang ing ngarep kelas utawa ing taman-taman ora
kena dipethiki utawa dirusak kareben tansah katon endah lan nengsemake menawa
disawang.
Ora kendhat-kendhat bapak lan bapak/ibu guru tansah
ngelingake wigatine njaga karesikaning lingkungan sekolah. Ora ngemungake yen
pinuju dibiji wae, nanging kudu bisa ditindakake ing saben dinane. Kanggo
nggrengsengake ayahan mau, sekolah bisa nganakake ada-ada mligi kanggo resiking
lingkungan sekolah, umpamane “JUMAT BERSIH”. Ayahan kuwi bisa katindakake kabeh
warga sekolah, saengga ing antarane kepala sekolah, guru, karyawan, lan para
siswa bisa gembul nyambut gawe bebarengan nata sekolahane kareben katon
gilar-gilar.
4.
Menulis/Nulis
Ø Standar Kompetensi
Mampu
mengungkapkan pikiran, gagasan, pendapat, dan perasaan secara tertulis dalam
berbagai bentuk tulisan dan ragam bahasa Jawa sesuai degan unggah-ungguh basa
yang benar.
Ø Kompetensi Dasar
Menulis
pengumuman
Ø Indikator
Mampu
menulis pengumuman demean bahsa yang efektif dan komunikatif, misalnya tentang
rencana kunjungan ke suatu tempat.
NULIS
WARA-WARA (PENGUMUMAN)
Wara-wara iku
tujuane kanggo menehi warta utawa kabar marang wong akeh ngenani sawijining
acara uatawa ayahan. Saben wara-wara duweni titikan kang beda siji lan sijine.
Wara-wara bisa ditulis nganggo basa resmi lan bisa uga katulis nganggo basa ora
resmi, gumantung isining wara-wara.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar