Kasusastraan Jawa

Cerkak
Garise Gusti

Dhek wayah sumurupe ratri, Bu Rohdiyah anggone mlaku tansah kesusu setengah mlayu, jarikke dicincing dhuwure sadengkul kaya-kaya ben wis ora ana maneh sing nyrimpet lakune. Ambegane ngos-ngosan pasuryane katon binggung, kaya-kaya ana sing kudu dirampungi saiki. “Juk... Juki... juk” swarane cepet-cepet trengginas, gawe turune Juki sing lagi angles banget dadi tangi. Karo mripat isih ndluyup, Juki nyeret sandal banjur menyang lawang ngarep, “sapa si bengi-bengi kaya iki kok ngundang-undang?” micarane ing jero ati. “Oo Bu Rohdiyah, wonten menapa bu?” Dasar bocah duwe tata krama sapa wae mesthi diajeni. Ora kejaba Bu Rohdian randha tua sing durung ilang ayune wis duwe anak siji wedhok ayu temenan sing wis dianggep Juki kayak simbok kelorone. “le... tulunga awakku, sajake Siti kae wis arep lahiran mbok tulung terke ana ing Bidan, menawa dudu kowe le.. sapa maneh sing tak jaluki sambat?” “Ooo nggih bu mangga kula dherekaken sekedhap nggih bu, kula badhe gantos rumiyin” “iya... iya juk tak enteni aja suwi-suwi ya.” Ya pancen Juki kuwi salah sijine tangga sing paling cedhak karo Bu Rohdiyah.
Kahanan bengi kuwi udan riwis-riwis hawane asrep banget. Sak wetara jam rolas wengi Siti, karo Juki wis tekan ana ing Bu Bidan Dewi. Dene Bu Rohdiyah disusul maneh dening Juki, diboncengake nganggo kendaraan CB sing biasane dinggo ning sawah kae, arepa rupane kuna ananing banget migunani ing wayah kayak ngene iki. Tumekane kana Siti langsung di dikongkon turonan ana ing ruang priksa, atine Bu Rohdian trap-trapan ora karuan, nyawang anak wedhok siji-sijine kuwi sing katon pucet banget. “Istigfar nok, istigfar” kaya mengkono kandhane Bu Rohdian marang bocah ayu kuwi. Bu Dewi cekat-ceket njupuk stetoskop terus mriksa kahanane Siti. Bu Dewi ora mung ping pisan mriksa, loro, telu banjur jupuk alat liyane, mondar-mandir kaya wong kang lagi binggung. Bubar kuwi Bu Dewi ngendika kanthi alus ”aduh bu... larenipun panjenengan kedah dipun rujuk wonten ing griya sakit ingkang langkung ageng bu awit jabang bayi menika sungsang...” dhek.. kandhane Bu dewi nggigalke atine Bu Roahdiyah... “duhh Gusti kepriye iki?” sambate Bu Rohdiyah ing ati, “duh Gusti keparenga larenipun kula dipunparingi waras slamet sak wayahipun kula.” Ora mikir maneh Juki langsung tak kon golek ambulan, kabeh kalakon kanthi cepet.
Wis sak untara Bu Rohdian ngenteni Siti dipriksa dening dokter. Sak jam maneh wayah lahirane Siti, Bu Rohdiah karo Juki ngenteni karo samar, dene bu Dewi wis kondur ana urusan sing ora bisa di tinggalake ature. Sak jam wis kelakon, Siti wis di boyong mlebu ing kamar bersalin. Bu Rohdiah karo Juki  isih ngenteni ing lobi rumah sakit karo njaluk marang sing kuasa, Mugaa Siti bisa kuat nglakoni kabeh sing wis digarisake dene Gusti Pangeran. Jam loro isuk wis metu bayi wadon, sing ayune kaya ibune kanthi operasi cesar. Mak plong rasane ati Bu Rohdiyah nyawang bocah sing durung duwe dosa kuwi nangis mbeker-mbeker, sampurna ora cacat alhamdulilah. Sak kutika kuwi aku sujud marang sing kuasa.’ Duh gusti maturnuwun kangem sedaya ingkang sampun dipunlimpahaken dening kula uga anak kula menika.”
“Juk... ndang di azani le tulung, wong kowe bocah lanang sing ana ing kene anggep wae kowe bapakne jabang bayi iki.” “Inggih bu” ature Juki sopan. Sak wise di adzani di adusi, terus di salini jabang bayi mau di gendong dening simbah wedhoke, Bu Rohdiah. Terus di cedhakake marang ibune, sing ora liya yaiku Siti. “cah ayu... iki anakmu, ayu tenan kaya awakmu, delokna irunge bangir kaya bapakne.” Guneme wong wadon kang lagi seneng-senenge ngendong putune iku. “Iya bu”... alhamdulilah lair sehat. “Mas Jaka wis mbok kandhani apa durung buk? Jare meh budhal saka Jakarta wengi iki. “Iya wis bubar tak telepon kok nduk, jare wis budhal mau jam sewelas bengi, numpak kreta kira-kira rada awan mengko tekan.”
Mak dhat... dumadakan atine bu Rohdiyah sumedhal krungu telepon saka salah sawijining uwong sing nomere durung tak kenali. “menapa menika garwanipun Jaka Sutanta, dusun Rembang Sari RT 05 RW 08 rembang” inggih leres wonten menapa nggih? Menika sinten?” kula saking petugas Rumah Sakit Abdi Negara” “wonten menapa nggih? Ampun kaget  ngiih bu.. Bapak Jaka menika sampun tilar donya?” “Hlo-hlo apa maksute aja guyon panjengan!” kedah sabar buk menika pawartanipun leres Jaka menika sampur tilar donya kala wau, amargi kecelakaan kreta” duh gusti kabeh saya peteng.. Bu Rohdiyah ora sadar.
Wiyuuu... wiiyuuu.. wiyuuu.. suara sirine ambulan gawe gegirise atine Bu Rohdian, uga Siti. Dene anak sing wis di enten-enteni 5 taun dene bapak lan ibune, Jaka sing dadi bapake ora kalakon nyawang, didhisiki patine. Jaka iku bapak sing tanggung jawab ing pandelenge Siti. Kepriye ora anggone ngumbara wis limang taun ana ing Jakarta, niate arep nyelengi kanggo uripe anak bojone ing kampung. Dene siti sing maune melu ana ing Jakarta bali menyang desane amarga kandungane wis sangang sasi, karepe ben lairan ana ing omah. Ben ana sing ngopeni, amarga ana ing Jakarta Jaka baline kadang bengi, wedi menawa ora bisa ngadepi pas Siti arep liran, apa maneh kerjane ketat. Ora bisa sak mangsa-mangsa libur utawa cuti, maklum wae kerja melu wong Jepang ora kaya kerja marang awakke dhewe.
Uluh prating tretes ora mandhek dhek Siti kudu nyawang ragane bojone sing wis kabuntel mori. “buk... mas Jaka mesem kae buk nyawang aku, cahyane sumringah banget buk, bok menawa Gusti sing maha agung wis nganggep amale bojoku wis cukup, banjur ninggal sak bocah ayu sing entes wae tak lairake iki.”. “anakku bocah ayu, sing tatak atimu nduk... Gusti mesthi paring dalan sing apik, kowe sing sabar sing sareh ya nduk” wong sak keloro nangis bebarengan, udah luh... sedih.
Langite katon esih padhang  wetara jam telu sore, Siti wis tatag nyawang bojone banjur njagok mlongo, embuh apa sing dipikir. Sore kuwi pemakamane Jaka, wong-wong sadesa padha melu ngiringi kanggo ngowehi penghormatan kang pungkasan. Jaka wis di sareake ning kana. Ning alam sing bakal di lakoni sak suwene.
“Nduk reneya, iki anakmu njaluk mbok mimiki susu” iya bu... sik sedela iki bubar kirim donga kanggo kang Jaka” saurku karo mesem. Wis setaun anggone mas Jaka ninggal Siti karo Tanti. Wengi kuwi Bu Rohdiyah lagi mangku putune karo di kudang, dumadakan ana uwong nothok lawang, Siti langsung nekani. “oo.. mas Juki, hlo kalih bapak ibu to?” dengaren temen padha sesarengan dalu-dalu menika, mangga-mangga pinarak ngriki” iya nduk bocah ayu” bu Darsih ibune Jaka nyauri. “ Ibu ana ing omah ti?” takone Pak Sudi, bapake Jaka. Inggih pak wonten griya menika sawek ngudang Tanti mangga ta pinarak rumiyin, kalih kula damelaken angetan rumiyin.” Ora let suwe Bu Rohdiyah banjur melu grubug karo tamune. Siti ora nyangka ora ngira yen bengi kuwi dheweke di lamar dening Juki, Jaka sing ora patiya bagus ananing sopan uga sregep.

Siti bisa nrima Juki dadi bapakne Tanti nggantekake Mas Jaka, iya mas Jaka sing wis dhisik di jaluk sing kuasa. Dene kabeh lelakon sing kaya mengkene iki pancen kudu di lakoni. Apak ora gelema saben dina sing di jaluki menawa ana apa-apa ya mung Juki kuwi, ya Siti ngerti sak iki Gusti Allah kuwi mesthine duweni rencana sing dhewe mung manungsa mung bisa nerima. Dene kabeh sing wis ginaris kuwi sing kudu  di lakoni, sing paling apik, sing mberkahi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar