WULANGAN 3
KABUDAYAN
1.
Mendengarkan/Ngrungokake
Ø Standar Kompetensi
Mampu mendengarkan dan memahami berbagai wacana lisan
dalam berbagai ragam Bahasa Jawa.
Ø Kompetensi Dasar
Mendengarkan pidhato.
Ø Indikator
a.
Mencari kata-kata
sukar dalam teks pidato.
b.
Menjawab pertanyaan
isi bacaan teks pidato.
c.
Menceritakan
isi pidato.
d.
Membuat
rangkuman isi pidato.
A.
Pidhato/Tanggap
Wacana
Sedhekah Bumi
Jam 9 bengi, sawise upacara selametan,
wayange banjur talu. Dhasar swasanane purnamasidi, mangsane ketiga, langite
katon resik padhang njingglang tan ana mega sacuwil-sacuwila.
Ing plataran bale desa sing pancen
bawera lan disiyapake kanggo pentas wayang kulit sewengi natas, katon para tamu
undangan lan masyarakat desa sumber ngebeki papan kang wis dicawisake.
Sabubare jejer sepisanan, dhalange
menehi cecala manawa lakuning carita sinigeg sawetara. Panyigeging carita iku
saperlu menehi wektu kanggo kepala desa mbiwarakake pidhato kang ngemot intine
karameyan.
Assalamu’alaikum
Wr. Wb
Nuwun,
Para sesepuh lan aji sepuh ingkang
kinurmatan. Bapak Camat ingkang kula urmati, para satriyaning nagari ingkang
dados pandam-pandoming kawula dasih ingkang kula urmati, para tamu undangan
ingkang kula urmati, sedaya warga kakung saha putri ingkang kula tresnani.
Sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken ngaturaken puja puji syukur wonten
ing ngarsaning Gusti Allah Ingkang Mahaasih. Awit kita sedaya tansah pinaringan
bagas waras saengga kita sedaya saged makempal manunggal ing bale desa punika.
Wonten ing kalodhangan punika, kula
lurah Miyono minangkani sesulihipun para sesepuh, para alim ulama, saha para
kadang kula sedaya warga dhusun,supados ngaturaken wosing wigati pepanggihan
ing dalu menika.
Ingkang sepisan, kula badhe ngaturaken
bilih upacara sedhekah bumi punika sampun kita wiwiti kanthi reresik griya,
pekarangan, makam, saha slametan minangka adat kebiyasaan saben taunipun.
Ingkang kaping kalih, upacara sedhekah
bumi punika boten ateges kita badhe hura-hura, pesta ing satengahing
panalangsang reribet gesang ingkang sansaya awrat. Kados ta banjir, prastawa
lemah longor, lindhu, lan taksih kathah musibah sanesipun. Ananging upacara punika
mugi saged dados wahana kangge mujudake raos prihatos, kangge menggalihaken
sedaya kalepatan lan kekirangan anggen kita manembah dhateng Gusti Allah.
Ingkang kaping tiga, upacara sedhekah
bumi punikan minangka raos syukur kita dhumateng Gusti Ingkang Mahaagung. Inggih
awit saking kawelasanipun kita sedaya saged olah tetanen saha ingon-ingon
sawenehipun sato kewan kangge kabetahan gesang kita sedaya ing wekdal setaun
punika angsal asil ingkang maremaken.
Kaping sekawan, upacara sedhekah bumi
ingkang saweg kita lampahi punika sampun ngancik paripurna. Puncaking acara ing
dalu punika inggih ngawontenaken pagelaran ringgit wacucal sedalu natas kanthi
lampahan “Semar Mbangun Kahyangan”. Ing pangajab kita saged nuladha
pakartinipun Semar minangka pamomong ingkang tansah asung pemut lan pepeling
dhateng pamomongipun.
Wasana cekap semanten atur kula, mangga
kita dherekaken sesanti Jaya-jaya Wijayanti
Memahayu hayuning Bawana. Mugi-mugi rahayu ingkang sami pinanggih.
Wassalamu’alaikum
Wr. Wb
B.
Tulisa tembung-tembung
sing durung kokngerteni tegese, banjur golekana tegese ing kamus bausastra!
C.
Wangsulana pitakonan
ing ngisor iki nganggo basa krama!
1.
Sapa sing
nindakake pidhato minangka sesulihe para warga?
2.
Ing ngendi
para warga nganakake pagelaran wayang kulit?
3.
Semar kuwi
sapa? Critakna, kurang luwih 5 ukara bae!
4.
Apa lakone
wayang ing bengi iku?
5.
Apa wae kang
ditindakake para warga nalika nindakake upacara sedhekah bumi?
D.
Njelasake isi
pidhato
Tulisa isine
pidhato ing dhuwur nganggo basa krama!
2.
Membaca/Maca
Ø Standar Kompetensi
Mampu membaca bacaan sastra, nonsastra dalam berbagai teknik membaca, dan bacaan berhuruf
jawa.
Ø Kompetensi Dasar
- Membaca pemahaman teks upacara adat.
- Membaca paragraf berhuruf Jawa yang menerapkan
aksara rekan.
Ø Indikator
·
Membaca bacaan pemahaman upacara adat dengan teknik, lafal, intonasi, bacaan yang benar.
·
Mencari kata-kata
sukar dalam bacaan dan membuat kalimat.
·
Menjawab pertanyaan
tentang isi bacaaan.
·
Menyebutkan nilai-nilai
luhur yang terkandung dalam bacaan.
·
Membaca paragraf
berhuruf Jawa yang menerapkan aksara rekan.
- Waosan punika kawaosa kanthi lafal lan intonasi
ingkang trep!
Sedhekah Bumi
Upacara sedhekah bumi
diadani minangka salah sawijining pambudidaya kanggo nglumpikake nilai-nilai
luhur kabudayan Jawa. Tradhisi iki akrh ditindakake kadang tani ing padhusunan.
Sesaji iki mingka rasa syukur lan atur panuwun para petani marang rejeki sing
wis ditampa saka bumi awujud asiling bumi tetanem ing wetu setaun. Tujuane murih
tansah pinaringan keslametan saka Pangeran, ayem tentrem lan kasembadan kang
disedya.
Ubarampe acara tradhisi
sedhekah bumi ing sadengah papan iku biyasane padha. Kaping pisan, kapunjungake
marang Gusti Allah kang wis paring rejeki saka asiling bumi pratiwi. Kapindho,
kapunjungake marang leluhur ing pangajab asiling tetanem ing besuke bakal saya
apik, saya akeh lan saya berkah tumraping bebrayan. Tata carane yaiku
dipunjungake utawa diserahake ing pundhen utawa kramatan.
Ubarampe upacara tradhisi
sesaji sedhekah bumi racake werna-werna asli bumi. Ing antarane yaiku: saweneh woh-wohan,
bubur manca warna, kinang ayu komplit,
kolak, ketan salak, sekar setaman, dupa ratus, lan kembang mlathi rinoncepitung
werna, kendhi pratala, tumpeng limang werna, sekul rasulan (inhkunh pitik jago
lan sega putih), lan endhas kebo. Kajaba saka kuwi uga ana tukon pasar lan
kabeh kang klebu pala gumantung, pala kependhem, palakasimpar, lan sajen khusus
bumbu pawon komplit.
Sesaji sedhekah bumi
biyasane diadani warga sadesa kang disepuhi dening sesepuh desa kang
dituwakake. Ing ritual acara tradhisi sesaji iki, para paraga sing kajibah
padha ngagem busana tradhisional Jawa komplit, dodot, iket blangkon lan keris
patrape abdi dalem sowan kraton.
Puncaking acara ritual
sesaji sedhekah bumi biyasane ngepyakake pagelaran wayang kulit sawengi natas. Dene
lakon sing dipentasaeke racake ngepyakake lakon: Semar Mbangun Kahyangan, Babat
Alas Wanamarta utawa lakon Sesaji Raja Suya.
(Kapethik saka: Panyebar Semangat No. 27 tanggal 2 Juli 2005)
B.
Tulisa tembung-tembung
sing durung kokngerteni tegese, banjur golekana tegese ing kamus bausastra!
- Wangsulana pitakonan ing ngisor iki nganggo basa
krama!
1.
Upacara sedhekah
bumi kuwi karepe kanggo apa?
2.
Kapan lan
ing ngendi acara kuwi ditindakake?
3.
Sesaji-sesaji
kuwi ditujokake marang sapa wae?
4.
Sebutna telung
sesajen kang ditujokake marang bumi!
5.
Sapa kang
nindakake acara sesajen sedhekah bumi lan paragane ngagem busana apa?
- Ringkesen isine wacan upacara “Sedhekah Bumi” ing
dhuwur nggango ukaramu dhewe!
- Sebutna nilai-nilai luhur kang ana wacan “Sedhekah
Bumi”!
3.
Menulis/Nulis
Ø Standar Kompetensi
Mampu mengungkapkan pikiran, gagasan, pendapat, dan
perasaan secara tertulis dalam berbagai jenis karangan menggunakan ragam bahasa Jawa sesuai dengan unggah-ungguh basa
yang benar dan menulis paragraf berhuruf
Jawa.
Ø Kompetensi Dasar
- Menuliskan teks pidato.
- Menulis paragraf berhuruf Jawa dengan menerapkan
aksara Rekan.
Ø Indikator
·
Menulis teks
pidato menggunakan ragam bahasa Jawa Krama.
·
Menulis paragraf
berhuruf Jawa dengan menerapkan aksara Rekan.
- Kawruh
Tanggap wacana utawa
pidhato yaiku micara ing ngarepe wong akeh kanthi tujuan tartamtu utawa kang
gumanthok. Wong pidhato iku ngadhepi wong kang maneka warna upamane pangkat
utawa kalungguhan, tataran ilmu, umur lsp. Mula wong pidhato iku kudu ngerti
bab-bab kang kudu digatekake supaya anggone pidhato bisa kasil kaya kang
dikarepake.
Tujuane pidhato, yaiku:
1.
Atur pambagya
2.
Atur kabar,
pawarta utawa informasi
3.
Aweh panglipur
4.
Pangajak
Dene urut-urutane teks pidhato, yaiku:
1.
Salam pambuka
2.
Purwaka
3.
Isi utawa
intine pidhato
4.
Salam panutup
Bab-bab kang kudu digatekake nalika pidhato, yaiku:
1.
Ngadeg jejeg
kanthi kapitayan.
2.
Ulat nyenengake.
3.
Obahing sarira
prasaja.
4.
Swara ora
kaseron ora kalirihen.
5.
Wiramaning swara
kepenak dirungokake.
6.
Bisa njumbuhake
kaanan lan swasana.
- Gawea tuladha teks pidhato upacara adat, banjur
wacanen ing ngarep kelas!
- Aksara Rekan
Tata tulis aksara Jawa iku
mujudake aksara legena, pasangan, sandhangan, aksara swara, aksara murda, angka
Jawa lan aksara rekan.
Aksara rekan yaiku aksara
sing direka kanggo nandhai aksara sing asale saka basa manca, upamane basa
Arab. Aksara kasebut digawe krana aksara Jawa sing cacahe rong puluh durung
nyukupi. Dene wujude aksara rekan yaiku rupa aksara Jawa, nanging ing ndhuwure
diwenehi tandha cecak telu.
Tuladhane aksara Rekan kaya ing ngisor iki.
No.
|
Wujude
|
Tuladhane
|
Aksara Latin
|
1
|
ꦄꧏ
|
ꦄꧏꦀꦽ
|
Khahar
|
2
|
ꦅꧏ
|
ꦅꧏꦶꦄꦶꦽ
|
Dzikir
|
3
|
ꦊꧏ
|
ꦊꧏꦆꦶꦏꦾ
|
Fatimah
|
4
|
ꦌꧏ
|
ꦌꧏꦄꦶꦍ
|
Zakia
|
5
|
ꦐꧏ
|
ꦐꧏꦁꦶ
|
Ghani
|
- Tulisen ukara-ukara iki migunakake aksara Jawa!
1.
Bagya lagi
wani khitan.
2.
Aku pancen
durung faham kangkok-omongake mau.
3.
Pak kyai
abdulah khutbah ing mesjid.
4.
Ngajine mbak
Fatimah fasih banget.
5.
Mbah Abas
lagi dzikir, aja padha rame!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar