Materi Kelas VII Semester 1 (wulangan 1)


Wulangan 1
LINGKUNGAN
1.   Mendengarkan/Ngrungokake
Ø Standar Kompetensi
Mampu mendengarkan dan memahami berbagai wacana lisan dalam berbagai ragam Bahasa Jawa.
Ø Kompetensi Dasar
Mendengarkan dan memahami percakapan dalam berbagai kegiatan lingkungan sekolah dan di rumah/masyarakat.
Ø Indikator
a.    Mampu mengungkapkan isi percakapan secara lisan dan tertulis dalam berbagai ragam bahasa Jawa.
b.   Mampu mengajukan dan menjawab paertanyaan sesuai dengan konteks pembicaraan.

Pacelathon A
Nizar          : “Zul, kok sajak kesusu ki sakjane ana wigati apa ta?”
Zulmi      : “Lha aku ditimbali Pak Dar, jarene diutus rada cepet amarga ana bab kang rada wigati”.
Nizar          : “wadhuh, lha kok sajak dadi wong penting tenan awakmu Zul”.
Zulmi         : “Ora, iki lho jarene Mbak Rahma ketua OSIS kae, sekolahe dhewe wingi ki wis kasil dadi juara 1 lomba macapat lan gurit tingkat kecamatan. Lha wingi ana laying saka Dinas Pendhidhikan kang isine supaya sekolahe dhewe iki arep diajokake omba tingkat kabupaten, mula Pak Dar banjur nganakake koordinasi marang kabeh pengurus OSIS”.
Nizar          : “Lha tenant a kandhaku,. Sajake ki awakmu dadi wong penting ing sekolahe awake dhewe iki. Aku ya melu seneng kok”.
Zulmi         : “Wong penting piye ta Zar, iki rak ya amarga aku dadi ketua kelas VIIA. Ya sakjane sing ditimbali ora mung aku thok. Nanging kabeh ketua kelas lan sekretaris uga pengurus OSIS. Lha kabeh dukumpulake wigati diajak rembugan bareng piye, apike sekolake dhewe bisa dadi juara tingkat kabupaten”.
Nizar          : “terus ig tembe yen melu lomba macapat lan gurit bisa dadi menang. Rak ya ngono ta Zul”.
Zulmi         : “Hla kae sajake sing teka ing ruang pertemuan wis akeh Zar, wis ya aku tak mlebu, cukup dhisik rembuge dhewe dibacutake sesuk maneh”.
Nizar          : “Iya Zul, sajake aku mau ya arep menyang kantin kok”. (sakarone banjur pisah)

Sawise kosemak pacelathon A, wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1.     Apa kang dadi undheranig gagasan pacelathon A?
2.     Pacelathon iku migunakake tataran basa apa?
3.     Sapa sing dadi ketua kelas VIIA?
4.     Sapa sing dadi ketua OSIS?
5.     Sapa wae paraga ing pacelathon A?

2.   Membaca/Maca
Ø Standar Kompetensi
Mampu membaca dalam hati (tak bersuara) dan memahami isi bacaan baik sastra maupun non sastra.
Ø Kompetensi Dasar
Membaca dalam hati (tak bersuara) dan memahami isi bacaan non sastra, misalnya tentang lingkungan.
Ø Indikator
a.    Mampu menyebutkan dan menuliskan topik bacaan
b.   Mampu menjawab pertanyaan
c.    Mampu menuliskan kembali bacaan ke dalam ragam bahasa lain, misalnya ngoko ke karma ate sebaliknya
d.   Mampu menceritakan kembali isi bacaan baik secara lisan maupun tertulis

Karesikan Lingkungan Kanggo Njaga Kasarasan
Saben mangsa rendheng teka, mesthi nuwuhake kedadeyan-kedadeyang kang maneka warna, ana sing seneng uga ana sing rumangsa susah. Sing rumangsa seneng adate para kadang tani lan para warga liyane sing rumangsa kekurangan banyu amarga anane ketiga dawa. Para kadang tani rumangsa seneng amagra bisa nandur, ateges samengko bisa nuwuhake tetanen kaya kang dikarepake. Semono uga warga kang panggoonane adate kekurangan banyu, kanthi tumekaning udan, bisa entuk banyu kanggo panyengkuyung kabutuhan sabendinane.
Mangsa rendheng kadhang kala uga bisa  nuwuhake sawijining bencana yen sekirane para warga masyarakat ora tumemen anggone mranata lingkungane. Saumpamane, saluran banyu utawa urung-urung kang nalika katiga ora karumat, diumbar mengkono wae, samengko yen udan deres, ing tundhone bisa nuwuhake banjir. Semono uga anggone mranata pambuwange uwuh, ing padatan ora tau digatekake. Kamangka uwuh iku sawijining barang kang paling disenengi dening sawenehing bakteri, mligine kanggo netes jentik-jentik kang dadi cikal bakale nyamuk.
Uwuh kang ora tumata anggone ngrumat ing adate seneng dienggo susuh nyamuk, banjur ngendhog, lan sanetesing pisan. Uwuh iku bisa awujud rereged saka brebayan, plastic kang ora kanggo, kaleng bekas, tong bekas, lan sapanunggalane. Kabeh mau kerep dienggo susuh nyamuk. Kamangka nyamuk iku pranyata kewan kang ngrugekake banget tumraping manungsa yen nyokot mesthi krasa lara, asiling cokotan mau terkadhang bisa ndadekake lelara kang nggegirisi.
Menaw ajaman biyen wong iku  ngertine yen nyamuk mung bisa njalari lelara malaria, yaiku nyamuk anopeless. Sawise ngerti yen nyamuk anopleless bisa nuwuhake lelara malaria, banjur para winasis nemokake pil kina minangka obat malaria. Sabanjure uga ana nyamuk kang nuwuhake lelara kang nggegirisi nganti saiki kang aran demam berdarah (DB), kang disebabake dening nyamuk aides aighepty. Diarani nggegirisi amarga sawenwhing wonh kang yen ketaman lelara demam berdarah lan ora cepet anggone entuk pitulungan, bisa tumekaning pati. Malah ing mangsa rendheng kang lagi wae keprungu kabar yen ana lelara anyar kanga ran cikungunya. Lara cikungunya uga disebabake saka cokotane nyamuk. Wong yen kena lelara cikungunya mesthi bakal lumpuh sawetara. Sawisw iku bakal pulih kaya padatane. Nanging yen kena lelara cikungunya lan ora cepet intuk pitulungan, uga bisa nganti tumekaning pati. Malah miturut pawartane, lelara cikungunya luwih nggegirisi tinimbang demam berdarah.
Kabeh lelara kanga date mbarengi mangsa rendheng kayata malaria, demam berdarah lan cikungunya mau sejatine bisa kacegah saumpama ing bebrayan agung iku wong-wong padha duwe kesadharan menawa “njaga karesikan iku uga bisa njaga kasarasan”. Saumpama anggone mbuwang uwuh ditata kanthi becik, lelara-lelara mau angel ngrembaka. Saumpama uwuh rumah tangga tansah kabesmi, uwuh plastic tansah kapendhem, uwuh tong lan kaleng-kaleng uga kapendhem, tandhon-tandhon banyu gemati anggone nguras, saluran banyu, got-got utawa urung-urung tansah diresiki lan banyune mlaku lancar, jentik-jentik nyamuk ora bakal bisa ngrembaka, lelara malaria, demam berdarah, lan cikungunya uga angel ngrembaka.
Mula yen kepengin tansah kadunungan bagsa waras lan adoh saka sakabehing lelara, aja wegah-wegah anggone tansah njaga karesikan lingkungan.

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki nganggo basa krama!
1.     Apa kang dadi irah-irahane wacan ing dhuwur?
2.     Tulisen alenia kang nuduhake intining wacan kasebut!
3.     Apa sebabe njaga karesikan lingkungan uga bisa njaga kasarasan?
4.     Apa sebabe yen mangsa rendheng teka kadhang tani padha seneng atine?
5.     Kepriye carane nyamuk iku bisa ngrembaka?

3.   Menulis/Nulis
Ø Standar Kompetensi
Mampu mengungkapkan pikiran, gagasan, pendapat, dan perasaan secara tertulis dalam berbagai bentuk talisman dan ragam bahasa Jawa sesuai dengan unggah-ungguh basa yang benar.
Ø Kompetensi Dasar
Menulis demean persuasif.
Ø Indikator
Mampu menulis Karangan yang berisi ajakan, himbauan, dan perintah.


Banjir-banjir …. Ayo Nyegah Banjir!
Banjir pancen salah sijining kahanan kang saben tahune mesthi bakal dumadi. Kahanan kasebut bisa dingerteni ing pawarta-pawarta ing TV, radio, utawa ing layang kabar-layang kabar liyane. Ing mangsa rendheng kang lagi wae kelakon akeh banget pawarta kang nggiyarake kahanan banjir ing sadhengah panggonan ing Indonesia. Banjir-banjir mau ing antarane kang kedadeyan ing Jakarta, ing Bandung kang dikatuti longsor lan nggawa korban kang ora sethithik.
Para kadang tani sing wis ngipuk-ngipuk pari anggone tandur, ing mangsane arep panen, ndilalah katekan banjir gedhe. Amarga kasilep banyu, mula sing maune wis arep panen dadi puso kabeh. Sing maune atine seneng-seneng dadi nggresula tanpa kandha. Kamangka para kadang tani racake wis duwe rencana kang akeh banget sawise panen. Adate sawise panen bisa kanggo mbayar sekolah, mbalekake wragat tetanen, lan kanggo nukupi kabutuhan-kabutuhan liyane. Kanthi anane banjir, pari dadi puso ateges pepenginan-pepenginan mau dadi kapunggel lan ora bakal bisa kawujud. Yen banjir rada suwe adate golek sarana banyu kang resik iku angel banget. Kamangka banyu kang resik iku bab kang vital lan wigati ing bebrayan saben dinane. Yen kekurangan banyu kang reesik ngono mau, kanggo ngawekani kahanan kang asipat darurat adate para warga banjur nggunakake banyu saanane sing baku kabutuhan bab banyu bisa kacukupan. Kamangka banyu kang ora resik mau akeh banget kumane. Kuman-kuman mau ye tumemplek ing kulit amarga banyu kang dienggo adus, bisa nuwuhake lelara gatel-gatel. Yen banyu kang ora resik mau dienggo ngombe nuwuhake lelara kayata diare, muntaber, tipes. Banyu kang reged mau uaga disenengi dening malaria, lan demam berdarah. Sanajan pamerintah ora kurang anggone ngawekani, ing kasunyatan uaga akeh korban pepati kang dumadi.  
Saka kedadeyan-kedadeyan mau, becike kang kudu dipikirake yaiku piye carane bisa nyegah banjir mau. Apa paribasan “nyegah iku luwih becik tinimabang ngobati”. Ewadene carane nyegah banjir iku bisa diwiwiti dhiri pribadhi, lingkungan kulawarga, lingkungan masyarakat, apadene lingkungan nusa lan bangsa sanegara. Ing lingkungan masyarakat bisa dilakoni kanthi ningkatake kasadharan bab reboisasi, tansah njaga anane sabuk hijau yaiku tanggul-tanggul kang pancen dicepakake kanggo nahan banyu, ora malah didegake wewangunan-wewangunan kang bisa ngrusak pigunane sabuk hijau mau.
Pranyata kekadeyan banjir iku jebule sing nyebabake ya awake manungsa dhewe. Mula yen awake dhewe ora nglenggana lan ora duwe rasa nggatekake lan sadhar marang pangrumate lingkungan, ing tembe sing ngrasakake rugine ya awake dhewe malah bisa-bisa tekan anak putu. 



                                                                       





Tidak ada komentar:

Posting Komentar