WULANGAN 1
PENDIDIKAN
I. NYEMAK
Standar
Kompetensi : Mampu memahami dan menangapi berbagai ragam wacana lisan tentang
bahasa, sastra dan budaya Jawa melalui menyimak informasi dari media
elektronik maupun cerita yang disampaikan secara langsung atau melalui
rekaman.
Kompetensi
Dasar : Menyimak dan menanggapi siaran dan informasi dari media elektronik,
tuturan langsung atau pembacaan teks.
Indikator
:
* Mengungkapkan kembali secara lisan isi yang terdapat dalam media cetak
*
Mengungkapkan kembali secara tertulis isi yang terdapat dalam media cetak
*
Mengidentifikasi ungkapan-ungkapan yang mengandung nilai-nilai budi pekerti
Materi
: Wacana “ Salin Jaman Salin Tatanan
|
A. Nyemak wacan.
Salah siji siswa maca,
liyane nyemak.
SALIN JAMAN SALIN TATANAN
Ing
ngendi papan, wektu, jaman biyen, saiki nganti tekan besuk kabeh wong padha
nindakake tata krama. Mung wae kudu eling papan siji lan sijine, desa siji lan
sijine, kutha siji lan sijine malah negara siji lan sijine ana bedane, ora
padha cak-cakane. Trep karo unen-unen: desa mawa cara negara mawa tata, salin
enggon salin tatanan. Unen-unen basa Indonesia: “ Lain ladang lain belalang,
lain lubuk lain ikannya”.
Ngecakake
tata krama iku kudu empan papan, aja nganti digebyah uyah. Anggone nindakake
kudu ngelingi papane, kahanane, wektune, dicocogake karo kala mangsane. Kena
diunekake salin jaman salin tatanan. Sing biyen dianggep becik, bok menawa
saiki bisa dianggep ala. Kang saiki ala bisa uga besuk kalebu becik.
Tuladhane:
Dhek biyen wong omong mangan karo omong utawa mlaku iku ora becik. Jaman saiki
lumrah wae wong mangan karo omong utawa karo mloka-mlaku, kaya dene yen jagong
ing acara manten/ syukuran, bubar salaman karo sing duwe gawe banjur diacarani
dhahar prasmanan, lumrahe ing gedhung ora dicepaki kursi akeh kaya cacahe
undhangan, mula banjur ana sing dhahar karo ngadeg lan ngobrol. Biyen bocah
sekolah, kudu lungguh bangku ngrungokake lan nggatekske karo tanganne sedheku.
Saikimmurid nalika ing kelas ora kudu tumindak mangkono, bisa bebas sing
penting tertib. Biyen wong mlaku ing kraton utawa cedhak kraton karo ndhingkluk
lan meneng, nanging saiki malah padha guneman, menga-mengo, tudang-tuding karo
ndeleng mrana-mrene.
Mesthi
wae ana bab liya sing biyen al saiki iya ala, umpamane: bab colong jupuk,
ngapusi utawa goroh, wani marang wong tuwa, ulangan sekolah ngepek. Mangkono
uga biyen becik saiki iya tetep becik, besuk uga tetep becik, umpamane: seneng
tetulung, seneng weweh, bekti marang wong tuwa, sregep sinau, sregep nyapu,
jujur, lan sapanunggalane.
Nindakake
tata krama iku padha karo nggunakake pangati-ati, deduga lan prayoga. Kabeh
tumindake wong urip kuwi becik yen tansah nganggo: deduga, prayoga,
pangira-ira, pangati-ati, reringa, weweka. Kabeh kuwi tegese padha. Ingkang
Sinuwun Pakubuwana IV ing bukune Wulangreh paring dhawuh menawa duga lan
prayoga iku katindakake yen pinuju lungguh, ngadeg, mlaku, omong, meneng, turu,
mangan, sebab duga lan prayoga iku pirantining urip sing ora kena ditinggal.
Kabeh mau sinawung ing tembang Pangkur:
Iku
parabot satuhu
Tan
kena tininggala
Deduga
lawan prayoga
Myang
watara reringa aywa lali
Tangi
lungguh angadeg tuwin lumaku
Angucap
meneng anendra,
Ringa-ringa
aywa lali.
Cekak
aose sakabehing tumindake wong urip ing alam donya kudu nganggo tata krama,
tansah nganggo deduga utawa pangati-ati. Sing gelem nindakake tata krama uripr
bakal tentrem, begja, tansah nemu keslametan ing sadhengah papan. Sapa sing
bisa migunakake tata krama kanthi becik bakal mundhak ajining dhirine,
dikurmati, diajeni wong liya lan dadi tuladha urip sing utama. ( Sudiyatmana,
1994).
B. Kawruh Basa
Apa tegese tembung kang
kacithak miring ing ngisor iki ?
1.
Ngecakake tata krama karo sapa wae.
2.
Kalamangsa dheweke sinau kelompok karo aku.
3.
Aja kewanen, apike ngenggo deduga.
4.
Wani karo sedulur iku ora prayoga.
5.
Atur panuwun sinawung ing tembang Dhandhanggula.
6.
Aywa sira gunggung dhiri, iku tan prayoga.
7.
Apa perabot rumah tangga wis padha ditata ing omah anyar ?
8.
Sang prabu kondur saking kedhaton banjur nendra ing pagulingan.
9.
Satuhune pancen beda kahanan jaman biyen lan saiki.
10.
Aja
digebyah uyah, ora saben siswa ora duwe tata krama, isih
akeh sing duwe subasita.
C. Mangsuli Pitakon
1.
Sapa sing kudu nindakake tata karma ?
2.
Nindakake tata krama kudu dikulinakake wiwit cilik. Apa sebabe ?
3.
Apa sebabe nindakake tata krama kudu nggatekake panggonan ?
4.
Coba wenehana tuladhane tata krama sing kok ngerteni !
a. ing sekolah
b. ing omah
5.
Aranana tuladhane tata karma :
a. Sing biyen dianggep ala saiki dianggep lumrah.
b. Biyen dianggep ala, saiki tetep dianggep ala.
c. Biyen dianggep becik, saiki lan besuk uga becik.
Standar
Kompetensi : Mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan dan tanggapan dalam berbagai
bentuk wacana lisan dan non-lisan tentang bahasa, sastra dan budaya Jawa
dengan menggunakan santun bahasa atau unggah-ungguh bahasa sesuai dengan
konteks buaya Jawa.
Kompetensi
Dasar : Memperkenalkan
diri dan orang lain dengan sikap santun dan dengan tingkat tutur yang tepat.
Indikator : * Melafalkan kalimat
perkenalan berbahasa Jawa dengan tingkat tutur ngoko dan atau krama dengan
lancar dan intonasi yang sesuai denga konteks pembicaraan.
*
Mengembangkan wicara perkenalan dengan menggunakan tingkat tutur ngoko dan
atau krama.
* Mengidentifikasi
ungkapan-ungkapan dan perilaku sebagai penanda sikap santun.
Materi : Pacelathon.
|
A.
Pacelathon
Tindakna
pacelathon iki !
Dina senin iku,
dina sing wigati tumrap para siswa SMA Taruna Bakti sebab Masa Pengenalan
Sekolah diwiwiti. Sarampunge upacara pembukaan MPS, ana wektu kanggo leren
sawetara. Sinambi ngenteni kegiatan sabanjure, ana siswa kang mloka-mlaku karo
kancane sing wis kenal, ana sing mung lungguhan ing ngarep kelas, ana sing maca
madding utawa koran ing papan informasi.
Widada mung ijen
ing SMA Taruna Bakti, ora ana kanca sing saka SMP sadurunge, dheweke banjur
nyedhaki bocah sing ana ing sisihe, karo ngulungake tangane, tembunge alon,
polatane grapyak lan sumanak.
Widada :
“Kenalke, aku Widada kelas XB, yen kowe ?”
Andika :
”Andika, aku iya kelas XB, sajake aku wis tahu weruh kowe sadurunge, nanging
neng endi ya, aku kok lali.”
Widada : ”Lha
neng endi, apa nalika ing kene njupuk formulir pendhaftaran, apa neng endi coba
eling-elingen?”
Andika : ”O, ya,
apa kowe melu club basket, sajake tahu tandhing karo club basket karo SMP ku
biyen.”
Widada : “Bener,
mula aku sajak wis tahu weruh kowe, omahmu ngendi An ?”
Andika : ”Desa
Karangsari cedhak daleme Pak Lurah, yen kowe endi ?”
Widada : ”Yen
omahku rada adoh saka kene, ing Perumahan Griya Mulya, kira-kira ya 8 km saka
kene.”
Andika : ”Wah
yen ngono budhalmu sekolah luwih esuk tinimbang aku ya, aku yen sekolah mung
mlaku lho.”
Widada :
”Kepenak kuwi, yen aku jam 6.15 wis kudu mangkat, ngepit alon-alon, kira-kira
jam 6.45 wis tekan.”
Andika : ”Mengko
lungguhe jejer wae, kapan dolan omahku, apa mengko bali sekolah mampir ?”
Widada : ”Ya
kena wae, kae wis bel, ayo neng aula sekolah mesthine kegiyatan bakal dibacutake.”
Andika : ”Ya
ayo….”
B. Unggah-ungguh
Saka pacelathon
antarane Widada lan Andika bisa kajupuk dudutan yen bocah loro iku migunakake
tata krama ingsrawunge. Sanajan migunakake basa Jawa ngoko sing prasaja,
nanging bocah loro iku tansah ajen-ingajenan. Ora migunakake tembung sing kasar
sing bisa gawe seriking ati. Tansah grapyak lan sumanak. Tembunge kepenak
dirungokake lan gawe enaking ati sing diajak srawung.
Pancen
tetembunganwong guneman iku warna-warna. Ana sing mboseni utawa gawe gela sebab
tembunge nylekit, gawe serik. Tetembungan bisa ngraketake paseduluran, nanging
bisa methalake kekadangan. Yen ora ngeti-ati, tembung sakecap bisa gawe serik
selawase urip.
Ana tembung sing
bisa natoni utawa nyilakani wong liya. Ana tembung kang landhep, landhepe
ngungkuli pedhang. Mula diati-ati ing saben ucap, tembung lan gunem. Mung wae,
banjur aja wedi guneman. Becike guneman saperlune, lumrah lan sacukupe wae.
Sing
kudu digatekake wong guneman :
1.
Sapa sing diajak guneman ?
3.
Ing endi papan ?
4.
Basa apa sing digunakake ?
5.
Apa sing dirembug ?
6. Kepriye kahanane
sing diajak guneman ?
Tetembungan sing
diucapake nalika upacara lumrah lan cetha, banter, santak, ora gojak-gajek.
Beda karo tetembungan nalika matur guru, utawa nyuwun priksa nalika pelajaran,
ukarane becik anggone ngucapake alon/alus. Kanthi mangkono wong sing guneman
bakal diajeni wong liya sebab bisa ngetrepake karo kahanan.
C. Gawe Pacelathon
Gawea pacelathon
prasaja sawise rampung banjur tindakna karo kancamu !
Bab sing digawe
pacelathon bisa milih andharan iki :
a.
Pitepungan Pak Basuki minangka wali kelas XB marang siswane.
b.
Bu Widati minangka warga anyar tepungan karo Bu Rani.
c.
Suhardi pitepungan karo kanca-kanca ing kursus komputer.
d.
Pak Sugita minangka guru ekstra karawitan karo siswa kelas XA.
III.
MACA
Standar
Kompetensi : Mampu
membaca dan memahami berbagai teks bacaan tentang bahasa, sastra dan budaya
serta menganalisis struktur dan isinya.
Kompetensi Dasar : Memahami
dongeng atau cerita
Indikator
: * Mengungkapkan ringkasan isi dongeng atau cerita wayang denga bahasa Jawa
tingkat tu-tur krama.
*
Mengidentifikasi ungkapan-ungkapan yang mengandung nilai-nilai budi pekerti
dalam dongeng atau cerita wayang.
Materi : Membaca
cerita wayang
|
A. Crita Wayang
Wacanen kanthi premati !
SEMAR
Semar
iku putrane Sang Hyang Wenang lan Dewi Wiranti. Sedulure Semar ana loro yaiku
Sang Hyang Antaga ( Togog) lan Sang Hyang Manikmaya ( Bathara Guru ).
Sedulur
telu iku dumadi saka cahya putih kaya dene endhog. Kulite dadi Antaga, putihe
dadi Ismaya (Semar ) lan kuninge dadi Manikmaya ( Bathara Guru). Nalika Semar
manggon ing kahyangankanthi asma Sang Hyang Ismaya.
Sesebutan
Semar liyane Ki Lurah Badranaya, Nayantaka, Janggan Asmaransanta, Bogajati,
Boga Sampir mapan ing Karang Kedhepel. Sadurunge dadi Semar, wujud BAthara
Ismaya sing bagus lan mapan ing kahyangan. Nanging banjur dadi Semar, cendhek,
mblendhung wetenge lan rembes mripate.
Critane
mangkene :
Sedulur
telu yaiku Antaga, Ismaya lan Manikmaya melu sayembara. Sapa bisa ngelu jagad
bakal dadi ratuning kahyangan. Sepisan Antaga nyoba, ora bisa malah suwek
lambene banjur salin wujud dadi Togog sing amba lambene. Semar bisa ngulu
jagad, nanging ora bisa ngetokake mula wetengedai gedhe. Sing bisa mung
Manikmaya, mula banjur diangkat dadi ratuning Dewa ing kahyangan kanthi
sesebutan Bathara Guru.
Dening
Sang Hyang Wenang, Ismaya kadhawuhan mudhun ing ngarcapada, donyaning manungsa
dadi pamomonge satriya, kalebu leluhure Pandhawa saanak turune. Semar duwe anak
telu yaiku Gareng, Petruk, Bagong. Banjur wong papat diarani Panakawan utawa
Punakawan (pana: ngerti, kawan: kanca).
Semar
tansah paring wewarah marang bendara kang lagi susah atine. Negara sing kena
pageblug, katekan Semar bisa dadi tentrem, ayem lan mulya. Tumrap para satriya
Pandhawa, Semar dianggep pepundhene dewa ngejawantah, bisa ngerti sadurunge
prakara dumadi ing donya.
Sanajan
ala wujude, Semar luhur bebudene, tata kramane ganep, sabar, ora tau nesu,
tresna asih marang sapadhane lan wicaksana. Yen lagi nesu , dewa utawa manungsa
ora ana sing bisa nandhingi, kajaba Sang Hyang Wenang.
Budi
Pekerti :
1.
Aja mbiji manungsa saka blegere awak, nanging saka tumindake. Wong becik rupane
durung mesthi luhur budine.
2.
Abdi kudu setya lan bekti marang bendara.
3.
Manungsa kudu bisa nampa pepesthening / takdire Gusti.
(Jatirahayu,
2002: Mutyara Rinonce, Budi Pekerti Ing Pewayangan)
B. Kawruh Basa
Tembung ing wacan iki
golekana tegese !
1.
Panjenengan asmanipun sinten ?
2.
Semar iku asale saka kahyangan.
3.
Semar mudhun saka kahyangan menyang ngarcapada.
4.
Abdina Raden Arjuna iku diarani panakawan / punakawan.
5.
Ing negara Ngamarta lagi ana pageblug, kawula lara esuk, sore mati.
6.
Gusti kang Maha Kuwasa kang nyiptakake jagad saisine.
7.
Para guru tansah paring wewarah marang muride.
8.
Para pepundhen ingkang tansah kinurmatan.
9.
Semar iku dewa kang ngejawantah dadi manungsa lumrah.
10.
Blegere Semar pancen ora sepiraa, nanging luhur bebudene, sekti
mandraguna.
C. Mangsuli Pitakon
Kawangsulana nganggo
basa karma !
1.
Sinten Semar menika ?
2.
Sedherekipun wonten pinten, cobi kasebatna ?
3.
Kadospundi dumadine Semar sesedhereipun ?
4.
Sinten kemawon sesebatanipun Semar ?
5.
Nalika ing kahyangan kadospundi kawontenanipun Semar ?
6.
Menapa sebabipun Semar dados ala wujudipun ?
7.
Menapa sebaipun Manikmaya dados ratuning dewa ?
8.
Antaga lan Ismaya wujudipun dados awon, menapa sebaipun ?
9.
Sinten kemawon punakawan menika ?
10.
Kadospundi watakipun Semar menika ?
Standar
Kompetensi : Mampu
mengungkapkan pikiran, pendapat, dan gagasan tentang bahasa, sastra, dan
budaya Jawa dalam ragam tulis
Kompetensi Dasar : Menulis wacana beraksara Jawa..
Indikator
: Mengalihaksarakan kata dan kalimat yang beraksara latin dalam aksara Jawa
de-ngan tepat.
Materi : Menulis
aksara jawa
|
A.
Intisarining Wacan
Cobi
waosan Semar menika kaserata intisarinipun, utawi karingkes, lajeng dipunserat
bab ingkang pokok-pokok kemawon, kanthi basa ingkang sae !
B.
Nulis Tata Krama
Ing
mata pelajaran PKK mesthine para siswa wis tau oleh pamulangan bab tata kramane
wong mangan. Kajaba iku ing kulawarga mesthi diajari carane mangan kang becik
utawa malah duwe pengalaman tata kramane wong mangan ing omah, yen duwe tamu,
utawa ing restoran.
Tugas
Tulisen
tata kramane wong mangan, yaiku :
1.
Bab-bab sing kudu ditindakake nalika wong padha mangan bebarengan.
2.
Bab-bab kang ora oleh katindakake nalika wong padha mangan bebarengan.
|
C.
Nulis Jawa
Kaserata mawi aksara
Jawi !
1.
Antaga lan Manikmaya iku sedulure Semar.
2.
Bisa ngulu jagad dadi ratu kahyangan.
3.
Sedulur telu dumadi saka cahya putih.
4.
Bathara Ismaya bagus rupane.
5.
Lurah Badranaya mapan ing Karang Kedhepel.
6.
Ismaya kadhawuhan mudhun ing donya.
7.
Momong para satriya kalebu PAndhawa.
8.
Semar, Gareng, Petruk, Bagong iku Punakawan.
9.
Bendara sing susah atine dilelipur.
10. Semar ala wujude nanging luhur budine
Tidak ada komentar:
Posting Komentar