MATERI BAHASA JAWA SMP
Ater-ater
hanuswara cacahe papat yaiku : n, m, ng, ny.
Tuladha :
a. Ibu sawaeg
(sapu)
latar.
= Ibu saweg nyapu latar.
b. Aku
(tumpak) bis patas.
= Aku numpak bis patas.
c. Bapak
saweg (waos) koran.
= Bapak saweg maos koran.
d. Bu guru
(asta)
buku.
= Bu guru ngasta buku.
B.
Ater-ater Tri Puspa
Ater-ater
tri puspa cacahe telu yaiku : dak, ko, di.
Tuladha :
a. 1. Bukumu
sing wis keri ing sekolahan wis dakjupuk (dak + jupuk).
b. 2. Roti ing
piring, apa wis kopangan (ko + pangan) kabeh?
c. 3.Wis
diwaca (di + waca) kabeh!
C. Tembung
Wancah
Tembung wancah yaiku tembung
sing ora diunekake wutuh.
Tuladha :
a. Mengkosik
= Kosik.
b. Banjur
= Njur.
c. Iki
= Ki.
D.
Tembung Lingga Andhahan
Tembung
lingga andhahan yaiku tembung lingga sing oleh ater-ater : sa, pa, pi, pra,
tar, ka lan seselan : er, le/el.
Sa + liter
=
saliter.
Ka + pisan = kapisan.
Pa + weweh = paweweh. Tar
+ kadang = tarkadang.
Pi +
wales =
piwales.
Pra + jurit = Prajurit.
E.
Tembung Camboran
Tembung
camboran yaiku tembung loro sing di gandeng dadi siji migunakake t.
a. Meja
kursi.
b. Wong
islam.
c. Biru
putih.
F.
Tembung Entar
Tembung
entar yaiku tembung sing ngemu tages entar/ora sabenere/kiyas.
a. Dawa
tangane = gelam/seneng nyolong.
b. Lara
ati
= serik.
c. Rai
gedheg = ora isin.
G.
Ukara Lamba lan Ukara Camboran.
a. Ukara
Lamba : Ukara sing menderake gagasan sabab.
b. Ukara
camboran: Ukara sing menderake gagasan luwih saka sabab.
Ukara camboran kagungan sesambung surasa 5, yaiku :
1) Akibat – sebab. (Ora tau nesu,
kejaba yen diina)
2) Sebab – akibat.
(kesandung dadi kecegur)
3) Sarana
tujuan. (Sing
tenanan kareben asile apik)
4) Umum – khusus. (Kabeh mangkat, saliyane
kowe)
5) Khusus – umum. (Mung kowe, kabeh kancaku teka)
H.
Tembung Kosok Balen (Antonim).
Tembung
kosok balen yaiku tembung kang ngemu teges sabalike.
a. Adem
>< Panas.
b. Ciyut
>< Jembar.
c. Pucuk
>< Bongkot.
I.
Ukara Tanduk lan Ukara Tanggap
Ukara
tanduk : S - P - O - K.
Ukara
tanggap : O - P - S - K.
Tembung
Kerata Basa (Jarwo Ndhosok)
Tuladha :
a. Kodhok
: Teka-teka ndhodhok
b. Gedhang
: Digeget bubar madhang, saged padhang.
J.
Tembung Rura Bahasa
Tembung
rura behasa yaiku tembung ingkang salah kaprah.
Tuladha :
a. Ibu nguleg
sambel.
b. Nggodog
wedang.
c. Menek
krambil.
K.
Ater-ater “Sa”
Ater-ater
“Sa” iku ndhuweni teges : siji, sabarang, kabeh, karo, padha, sawise, nganti,
saben, angger, janji.
a. Sameter
(siji).
b. Saanake
(karo).
c. Sabisamu
(angger).
L.
Jenising Ukara
a. Ukara
pawarta/andharan.
Yaiku
ukara kang menderake bab berita.
Tuladha :
Kala wau
ibu tindak peken mundut tahu.
b. Ukara
pitakon.
Yaiku
ukara kang menderake bab takon-pitakonan.
Tuladha :
Panjenengan
sampun tindak dateng Magelang?
c. Ukara
pakon/hagya (perintah).
Yaiku
ukara kang menderake bab perintah.
Tuladha :
Dik,
tulung jupukna puku Basa Jawa!
M.
Ukara Camboran
Ukara camboran yaiku ukara loro kang digandeng dadi siji migunakake
tembung panggandeng. Tembung panggandeng yaiku : mula, banjur, lan, apa,
senajan, nanging, amarga, ewadene, supaya, kamangka.
Tuladha :
a. Aku
menyang toko agawe tuku sepatu.
b. Ahmadi ora
mung pinter nanging uga seneng olah raga.
c. Hilal ora
mlebu sekolah amarga lara tipes.
N.
Tembung Sanepa
Tembung
sanepa yaiku tembung kang duwe arti kosok balen.
Tuladha :
a. Eseme pait
madu =
Eseme manis tenan.
b. Srawunge
rengggal gula =
Srawunge raket banget.
c. Legi
bratawali
= Pahit
tenan.
d. Kuru
semanggka
= lemu
banget.
O.
Panambang “An”
Panambang
“an” duwe arti :
Wayangan
=
Nanggap.
Gorengan
= Sing
di-
Timbangan
=
Piranti.
Pitung dinaan
=
Mangeti.
Klamben
=
Nganggo.
Atusan
=
Mangeti.
Pincangan
=
Ethok-ethok. Rujakan
= Gawe.
Sabrangan
=
Panggonan. Gambarane
=
Asile.
- Paribasan
Paribasan
yaiku unen-unen gumanthok, ajeg panggonane, tegese wantah.
Tuladha :
a. Kriwikan
dadi grojogan
:
Perkara cilik dadi gedhe.
b. Bathok
bolu isi madu
:
Katone ora pakra nanging duwe kaluwihan.
c. Kepalu
kepenthung
:
Kasang saraan kang matumpa-tumpa.
- Sesanti :
Sesanti
yaiku sing ngemu surasa pitutur tumraping urip bebrayan.
Tuladha :
a. Alon-alon
waton
kelakon
:
Tumindak kanti sareh.
b. Maju tatu
mundur
ajur
:
Kabeh gegayuhan ora asil.
c. Mikul
dhuwur mwndem jero
:
Njunjung drajate wong tuwa.
- Parikan
Pariakna
mujudaken asiling sastera kanti paugeran :
a. Unen-unen
dumadi saka reng ukara.
b. Ukara
kapisan purwaka lan ukara kapindo isine.
c. Migunakake
purwakanthi swara.
d. Cacahe
wanda saben saukara warna-warna.
Tuladha :
Parikan
lamba
a. Pitik
cilik tanpa lancur, (4-4)
Pangkat
cilik arang ngangur. (4-4)
b. Kembang
melati, ganda wangi warna peni, (4-8)
Watak
putri kudu gemi lan nastiti. (4-8)
c. Segara
punal lawuh empal, segane panganten anyar, (8-8)
Dadi murid
aja nakal, kudu ulah ati sabar. (8-8)
Parikan
padinan : parikan ora ngetung cacah wanda anamung ngoyak guru.
a. Tampar
taline timba, sing sabar sauntara.
Wangsalan
Wangsalan
yaiku unen-unen saempar cangkriman nanging wis ana batangane sisan, senajan ora
cetha.
Mblaung
geni
= Mawa.
Balung krambil
=
Bathok.
Balung
jagung
=
Janggel. Mutra
bebek
= Meri.
Mutra
lesung
=
Alu.
Sarung bantal
=
Urung.
Mesin
tulis
=
Ketik.
Nempe legi
=
Bacem.
Njanur
gunung
=
Aren.
Bantal dawa
=
Guling.
Damar
mancung=
Upet.
Jenang gula =
Glali.
Pindang
lulang
=
Cecek.
Jenang sela
= Apu.
Wader
kalen
=
Sepat.
Roning mlinjo
= So.
Witing
klapa
=
Glugu.
Njadah pohung
=
Gethuk.
Mbalung
janur
=
Sada.
Ngrokok cekak =
Tegesan.
Nganak
cecak
=
Sawiyah.
Nyarung jagung =
Klaras.
Mbang
gedhang =
Tuntut. Ndadung manuk =
Suket.
- Homonim
Homonim
yaiku tembung sing padha panulisane, pawacanane, nanging beda tegese.
Wayah
=
putu/wektu.
Sampun
=
uwis/aja.
Aji
=
rega/raja.
Saka
=
cagak/asal.
Tawa
=
dodol/antah.
- Dasanama
Dasanama
yaiku sesebutan pirang-pirang kang mengku teges padha.
1. Srengenge
: aditya, arka, aruna, surya, begaskara.
2.
Gunung : arga, ardi, parwata, meru,
giri.
3.
Banyu : tirta, tuban,
jala, ranu, udaka.
4.
Geni :
agni, api, brama, parwaka, dahana.
5. Rembulan
: soma, candra, wulan, sasi, lek.
6. Lintang
: kartika, sasa, wintang, taranggana, sudama.
7.
Anak : putra,
yoga, siwi, atmaja, suta.
8.
Wanita : gini, putri, rini,
retna, wadon.
9.
Ati
: galih, kalbu, nala, tiyas, wardaya.
10. Kembang :
sekar, puspa, sari, puspita, kusuma.
11. Kondang : arum angambar,
kasusra, kawentar, kaluka, terkenal.
12.
Sirah
: kepala, kemba, mustaka, ulu, murda.
13. Ratu
: aji, dhatu, sri, nata, raja, sibupati.
14.
Angin
: maruta, bayu, samirana, riwut, braja.
15.
Kethek : juris,
kopi, paluaga, rewanda, wanara, wre.
16. Mati
: lalis, lampus, layan, lena, mancal.
U. Tembung Rerangkepan
Tembung
rerangkepan di patha dadi telu yaiku :
1. a. Dwi
lingga (lumrah) : cekak-cekak, alus-alus.
b. Dwi lingga salin swara: topang-topeng, bengak-bengok.
2. Dwi
purwa
: cecawis, lelima.
3. Dwi
wasana
: cengenges, cekaka.
V. Ukara Prentah Lan Ukara Paminta.
Ukara
prentah migunakake panambang : -en, -e, -a.
Ukara
paminta migunakake tembung : mangga, mbok, tulung lan panambang –na.
W. Purwakanthi
Purwa
(wiwitan) kanthi (gandheng, kanca, nganggo, migunakake) yaiku gandhengan kang
wis sinebut ing wiwitan. Purwakanthi ana 3, yaiku :
1. Purwakanthi
guru swara : Vokale kang dibaleni.
Tuladha :
a.
Kapiran-kapirun
b. Gaga ora matun
sapi ora nuntun.
2. Purwakanthi
guru satra : Konsonane/huruf mati kang dibaleni.
Tuladha :
a. Kudu
eneng, ening, bisa uninga.
b. Sapa goroh bakal
growah.
3. Purwakanthi
guru basa (lumaksita) : tembung kang dibaleni.
Tuladha :
a. Kalah
cacak, menang cacak.
b.
Emban cindile, emban silandan.
X. Seselan “Um”
Seselan
“Um” yaiku kalebu panambang tembung.
Tuladha :
Um
+
saur =
sumaur.
Um
+
lampah = lumampah.
Um
+
sanak =
sumanak.
Um
+
gantung= gumantung.
Um
+
dadi =
dumadi.
Um
+
jangkah
= jumangkah.
Um
+
guyu =
gumuyu.
Um
+
rujak = rumujak.
Um
+
singkir = sumingkir.
Um
+
bleger = gumbleger.
Um
+
brebeg = gumbrebeg.
Um
+
bagus =gumagus.
Um
+ panggang= kumanggang.
Y. Tembung Saroja.
Tembung
saroja yaiku tembung loro ingkang pada tegesa dirangkap dadi siji, ateges
banget.
Tuladha :
(1) Guyub rukun. (2) Terang trawangsa. (3) Gagah prakosa. (4) Sekti mandraguna.
(5) Arum angambar. (6) Adi luhung. (7) Bagas waras. (8) Dana driyah. (9)
Gandhes luwes. (10) Papa cintraka. (11) Angkara murka.
Z. Basa Rinengga
Basa
rinengga uga diarani basa pajangan, pacakan, bregasan. Ingkang mesti ngemu rasa
kaeandahan. Carane :
1. Sarana
dikandhakake kanthi cara liya utawa nganggo ukara liya sing karepe padha.
2. Diganti
tembung sawentara nagnggo tembung kawi supaya bregas.
Tuladha :
a. Asrah
bongkokan
(teluk/ngaku kalah)
b. Yen
nginmanga durung
abang
(ditudung kanti cara siya-siya)
c. Dicuthat
kaya
cacing
(sedhela banget)
d. Surasaning
lanyangmu wis dak dhadha (Wosning layangmu wis dak ngerteni)
e. Enya dada
endi
raimu
(Ayo rembugan adu arep)
f. Perkara
iki sisihna wae
(Perkara iki aja dipikir maneh)
g. Mangsa
warungsa krasa ing tanganku, kowe
(Dak gebugi tenan kowe)
h. Cilik mula
uripe katula-katali
(Wiwit cilik uripe tansah rekasa)
i. Aku kadidene srengenge, wis adoh sak pleteke, wis cedhak maarang surupe
(Aku wis tuwa)
j. Lembut tan
kena
jinuput
(Lembut banget)
Tembung Garba
Tembung
garba yaiku tembung loro kang digandeng dadi siji kanti nyuda wandane.
Tuladha :
Ana
+
ing =
aneng.
Prapta
+
ing = prapteng.
Sudira
+
ing =
sudireng.
Maha +
asri = mahesri.
Jalu
+
estri = jalwestri.
Ya
+
iku = yeku.
Tumuju +
ing =
tumujeng. Sarwi
+
anjoget = sarwanjoget.
Ratu
+
agung =
ratugung.
Sesotya +
adi = sesotyedi.
Ukara Sambawa
Ukara
sambawa yaiku ukara kang mengku teges pangarep-arep lan mokal ( ora bakal)
ikang artinipun muga-muga, upama, senajan, mokal.
Tuladha :
a. Adhiku
mangkata arisan ya, bakal dak takoni kabar kasehataning bapak.
(Muga-muga)
b. Mangkata
mau-mau aku ora bakal ditinggal.
(Upama)
c. Mangkata
yen ora nggawa raket ya ora usah main.
(Senajan)
d. Saiki
maneh mangkat, wingi sing mung kari udhu awak waras wae ora mangkat.
(Mokal)