Materi Kelas VII Semester 1 (wulangan 5)

WULANGAN 5
TEKNOLOGI
2.    Membaca/Maca
Ø Standar Kompetensi
a.    Mampu membaca nyaring/bersuara sesuai dengan intonasi, jeda, atau tempo lafal dan irama yang benar.
b.    Mampu membaca indah
Ø Kompetensi Dasar
Membaca indah
Ø Indikator
Membaca karya sastra geguritan sesuai demean lafal, intonasi, dan irama yang benar
GEGURITAN
Geguritan ana loro yaiku geguritan gagrag anyar lan geguritan gagrag lawas. Geguritan gagrag anyar ngendelake:
a.       Pilihane tembung-tembung kang mentes (diksi)
b.      Busananing basa awujud: purwakanthi, tembung rangkep, dasanama, seselan in lan um
c.       Wirama
Tuladha 1

Ngger, anakku


Ngger, anakku....
nerak ing laku susila iku tumindak ala
manuta marang wasiteng wong tuwa
yen priya srawung kalawan wanita
iku gampang ketaman panggodha
nanging ngger, anakku....
elinga marang wasitaku iki
Ngger, anakku....

Tuladha 2

Radhio


Sawijinig piranti komunikasi
Diputer awan bengi
Sarana ngluru informasi
Dhomestik utawa manca negari
Nanging saiki...
Seje kahanane
Wis arang kang padha  migunakake
Kalah pamore
Kalingsir dening piranti liyane
Ana swarane lan gambare
Modern jamane
Hape cekelane, komplit isine
Internet lan efbe layanane
Ndremimil nyomak-nyamik cangkeme
Wel-welan tangane mripil nulis smse
Merga...
Wis obah jamane
Kawruh Sapala
Basa krama dienggo wawan rembung antarane wong enom marang wong sing luwih tuwa/luwih dajeni. Basa ngoko lan krama kang kerep dienggo ing padinan iki setitekna!
No.
Ngoko
Krama Inggil
1.
2.
3.
4.
5.
6.
7.
8.
9.
10.
Adus
Lunga
Turu
Mangan
Ngombe
Nyambut gawe
Tuku
Ndelok
Thukul
Mlaku
Siram
Tindak
Sare
Dhahar
Ngunjuk
Nyambut damel
Mundhut
Mirsani
Tuwuh
Mlampah

Kerata Basa (Jarwa Dhosok)
Kerata basa saka tembung kerata tegese udhar utawa ngudhari. Kerata basa tegese tetembungan sing diudhari utawa dispirit, nanging dadi mathuk karo kekarepane.
Tuladha:
Tandur dikerata  nara karo mundur
Tepas dikerata nitip napas
Guru dikerata digugu lan ditiru

Kuping dikerata kaku tur njepiping

Tidak ada komentar:

Posting Komentar