MATERI KELAS VIII SEMSTER I UNIT 2 (apresiasi sastra)

Standart Kompetensi:
ü  Mampu mengapresiasi susatra Jawa
Kompetensi Dasar:
ü  Mengapresiasi susatra Jawa
Tujuan Pembelajaran:
ü  Menceritakan kembali lakon cerita wayang epos Ramayana baik secara tertulis maupun lisan dengan berbagai ragam bahsa Jawa
Materi pokok:               
ü  Teks cerita epos Ramayana

I.                   APRESIASI SATRA
Wayang iku mujudake kesenian dhaerah kang adi luhung. Wayang saliyane dadi tontonan uga bisa dadi tuntunan dening sapa wae sing ngerti critane.
BUDHALAN WADYABALA PANDHAWA
Wus tetela lamun Kurawa tan kena ginawe becik, puguh ngukuhi negara Astina  lan Indraprastha, pratandha Bharatayuda tan kena den wurungake.
Mangkana ta Pandhawa sigra apacak baris amepak wadyabala samekta ing yuda nedya ngrabaseng Kurawa ing Kurusetra mbelani bebener, bidhal saking alun-alun Wiratha.
Enjang budhal gumuruh saking nagri wiratha sagunging bala kuswa! Abra busananira, lir surya wedalira saking jalanidhi, arsa madhangi jagad. Duk mungup-mungup aneng sapucaking wukir, marbabak bang sumirat, keneng soroting surya mega lan gunung-gunung.
Lah ing kana tawau, untaping wadyabala Pandhawa saking Wiratha aselur –elur tan ana pedhote, tinon saking mandrawa pindha sela blekithi. Sela- watu, blekithi – semut. Lamun sinawang kadya semut lumampah ing watu.
Kumelaping kakandha miwah kumlebeting dwaja apadene umbul-umbul kadi werdhu angga sasra. Werdhu – lintah, angga – banyu, sasra – sewu. Kadya lintah sewu kumelap ing banyu.
Bengingehing kuda, pangempreting dwipangga, pangeriking kuda, swaraning janma, miwah kropyaking watang gathik binarung lan swaraning tambur gong beri mawurahan pindha warsa kinteki. Warsa – udan, kinteki – wana pejaten. Kadi talethoking udan ing alas pejaten. Nyrangaping langkap, bedhil , tumbak landheyan pindha jati ngarang.
Lampahing wadyabala sajuru-juru datan kena wor suh. Kang busana putih kumpul padha seta, tinon saking mandrawa pindha kontul neba. Kang busana abang kumpul padha rekta, tinon saking mandrawa abra markatha pindha wukir kawlagar. Wukir – gunung, kawlagar- kobong, kadi gunung kobong. Kang busana ijo kumpul padha wilis, tinon saking mandrawa pindha tanem lagya gumadhung. Tanem – tandur, gumadhung – ijo royo-royo. Kang busana kuning kumpul padha pita, tinon saking mandrawa pindha podhang areraton. Podhang wus ngarani arani peksi, areraton – areroyoman. Kang busana ireng kumpul padha langking, tinon saking mandrawa pindha gagak areraton, kadya peksi gagak areroyoman.
Baleduging lampah peteng angampak-ampak angendanu pindha mendhung.
Mangkana ta lampahing wadyabala Pandhawa wus prapteng laladan Kurusetra kang minangka dadi ajanging prang mbrastha durangkara. Para wadyabala Pandhawa sigra makarya yasa pakuwon kinarya palereman.
(Pethikan Mardi Jawi 3, Hal 22 – 23: Drs. Sutarno; Widya Duta. Surakarta, 1987)
Wangsulana kang patitis!
1. Apa sababe dene Bharatayuda ora bias diwurungake?
2. Perang Bharatayuda iku perange sapa?
3. Budhalan wadyabala Pandhawa iku saka ngendi menyang ngendi?
4. Sing digambarake kaya pletheking srengenge kang njedhul saka segara iku apa?
5. Kang digambarake kaya dene semut mlaku ana ing watu iku apa?
6. Kang digambarake kaya dene lintah sewu padha pating krelap ing banyu iku apa?
7. Apa sing digambarake kaya tlethoking banyu ana ing alas pejaten?
8. Lakune wadyabala Pandhawa iku nyata ora wor suh. Apa buktine?
9. Bareng wis tekan Kurusetra, wadyabala Pandhawa banjur padha ngapa?
10. Wacan mauana ing kasusastran Jawa kalebu apa? Apa buktine?
2. Negesi Tembung
1. Puguh = ora gelem miturut panemune, kukuh
2. Ngrabaseng = ngrusak
3. Bala kuswa = wadyabala
4. Surya = srengenge
5. Jalanidhi = segara
6. Tinon = katon
7. Mandrawa = kadohan
8. Dwipangga = gajah
9. Watang = tumbak
10. Mawurahan = rame, umyung


Tidak ada komentar:

Posting Komentar