KAWRUH SAPALA II (Wangsalan)


WANGSALAN
BANCAK – DHOYOK
Bancak : Dhoyok, Dhoyok! Njanur gunung, kadingaren anggonmu sowan teka rada
kawanen.
Dhoyok: Hem, Kyai! Jenang sela, wader kalen sesondheran. Apuranta, yen wonten
lepat kawula.
B. : Iya, Dhoyok, bada-bada wis benere padha apura-ingapura.
Dh. : Hem! Hulun caos atur, kyai.
B. : Arep kotibakake gendhing Montro, Dhoyok?
Dh. : Hem, ora. Menyan seta, setane argula sasra. Ketiwasan, wartane kurang
prayoga, Kyai.
B. : Elo! Babal bunder manglung kali. Ana kabar apa, Dhoyok?
Apa anakmu omahmu kebanjiran?
Dh. : Ora, Kyai.
B. : Keplindhes sepur?
Dh. : Ora, Kyai.
B. : Dom jala, Mbok coba, kandhakna sing terang!
Dh. : Hem! Aku mentas dadi anake wong akeh akeh, Kyai.
B. : O, genahe kowe kuwi mentas rabi maneh, Dhoyok?
Dh. : Ora, kyai. Bremara wismeng bantala, kyai. Dak matur, nanging kelor wana,
Aja Eru (serik atine), Kyai.
B. : Ora, Dhoyok.
Dh. : Hem, Kyai! Mau esuk kesuwen olehku ongkang-ongkang, pacitane jadah-jenang.
B. : Ongkang-ongkang kathik nganggo pacitan barang.
Dh. : Sing ongkang-ongkang lambeku, Kyai.
B. : O, wedangan, Dhoyok.
Dh. : Iya, Kyai.
B. : Mina galak neng samodra. Bacutna Dhoyok, kandhamu!
Dh. : Iya, Kyai. Sarehne wis awan, dhuwet alit rerentengan. Sowanku mlayu-mlayu,
Kyai. Tujune ana becak.
B. : E, kowe duwe samben, Dhoyok?
Dh. : Ora, Kyai. Aku ora mbecak. Nunggang becak, Kyai.
B. : Wah! Saiba anggonmu ngedhangkrang. Teruse kepriye, Dhoyok?
Dh. : Ya kuwi, Kyai! Bareng tekan ngarep pasar, becake rangkulan karo kancane.
Pring dhempet, tanpa kandha-kandha, aku diutahake: glogok.
B. : O, memelas! Kowe tiba, Dhoyok?
Dh. : Hem, Kyai! Aku meh nyungkemi Ibu Pretiwi. Wong sapirang-pirang, petis
manis, ngucap bebarengan: “Anakku, ngger!”
(Padmosoekotjo, 1988 : 23 – 24)
Wangsalan ingkang wonten ing pacelathon Bancak – Dhoyok :
Njanur gunung = kadingaren
Jenang sela (injet = apu) = apuranta
Wader kalen sesondheran (sepat), yen wonten lepat kawula
Menyan seta (tawas) = ketiwasan
Setane argula sasra (kembang mawar) = wartane kurang prayoga
Babal bunder manglung kali (Lo) = Elo
Dom jala = coba
Bremara wismeng bantala (tawon kang manggon ing lemah = tawon tutur) = Dak matur
Kelor wana = wit weru = aja eru (aja serik)





WANGSALAN
Wangsalan yaiku unen-unen kang surasane memper(kaya) cangkriman, nanging batangane wis disebutake pisan sanajan mung sinandi(ora diblakakake)
Tuladha:
Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso.
Roning mlinjo: godhong mlinjo=so;ngaso
Jenang gula ya ndhuk, kowe aja lali.
Jenang gula: glali(lali)
Njanur gunung mas, kadingaren malem minggu dolan mrene!
Janur gunung: aren(kadingaren)
Jenang sela, wader kalen sesondheran. Apuranta, yen wonten lepat kawula.
Jenang sela(watu): apu(apuranta)
Wah mbok ora ngeyong kali, ngece. Ngeyong kali (ece)
Lagi nggodhong gedhang garing(klaras) kang. Lagi nglaras wedangan nasgithel sinambi ngrungokake campursari.
Kethek putih(Anoman), wong anom aja wedi kangelan.
Yen lagi ana wong tuwa ngendikan kuwi aja nglemah bengkah(tela) mundhak saru, senengane nyela-nyela.




Wangsalan sinawung ing tembang
PANGKUR
Jirak pindha munggwing wana,
Sayeng kaga, we rekta kang muroni,
Nyenyambi kalaning nganggur,
Wastra tumrap mustaka,
Pangikete wangsalan kang sekar pangkur,
Baon saben ing nawala kinarya langen pribadi.
Jirak pindha munggwing wana: kesambi
Sayeng kaga:kala
We rekta kang muroni: anggur
Wastra tumrap mustaka: iket
Baon sabin ing nawala: karya

Wangsalan Ing Pacelathon
Pacelathon 1
Ajeng : lha kok njanur gunung kuwe tekan kene ?
Arip : mau seko ngeterke adikku latihan, mampir sisan
Ajeng : oalah, adikmu latuhan opo ?
Arip : latihan gamelan ing sekolahanne
Pacelathon 2
Ridho : ono opo yu kuwe tekan kene ?
Ayu : aku mung pengen nggentha dara kuwe
Ridho : hah ? Opo kuwi tegese nggentha dara ?
Ayu : mosok kuwe ora reti ? Iku lo, aku mung pengen nyawang kuwe
Ridho : oalah, kuwe kangen yo karo aku ? Haha
Ayu : ih, ogah ya do !!
Pacelathon 3
Parno : seko ngendi wae to kuwe kuwi ?
Anake : saking main ps pak
Parno : dienteni kawit mau ora bali-bali
Anake : kulo nyuwun sewu pak, wonten nopo pak ?
Parno : sing ngenteni nganti nyaron bumbung ngenge
Pacelathon 4
Sugeng : ijek ileng karo aku rak jeng ?
Ajeng : aku pernah nyawang kuwe ? Sopo ya ?
Sugeng : aku kancamu TK biyen, kelingan rak ?
Ajeng : oalah, Sugeng aku dadi mandhan rawa karo kuwe
Pacelathon 5
Sujiwo : mbak nek antri sing rapi mbak
Ani : mriku sinten ? Kulo mbonten kenal
Sujiwo : yo maksute ojo nglemah bengkah mbak
Ani : inggih pak, kulo nyuwun sewu pak
sumber:


Tidak ada komentar:

Posting Komentar