MATERI KELAS VIII SEMSTER UNIT 2 (maca)

UNIT 2
Standart Kompetensi:
ü  Mampu mebaca dalam hati dan memahami isi bacaan baik sastra maupun non sastra.
Kompetensi Dasar:
ü  Membaca dalam hati teks bacaan satra, misalnya: cerpen, cerita rakyat, dan sebaginya.
Tujuan Pembelajaran:
ü  Menjawab pertanyaan baik secara lisan/ tertulis.
ü  Menyebutkan tokoh-tokoh cerita
ü  Menuliskan ringkasan isi cerita/bacaan
ü  Menceritakan kembali isi bacaan dengan bahasa sehari-hari atau ragam lain misalnya, krama ngoko
ü  Menyebutkan dan menjelaskan nilai-nilai luhur yang terkandung dalam bacaan.
Materi Pokok:
ü  Teks bacaan sastra cerita rakyat.

I.                   MACA
Cerita rakyat yaiku cerita kang asale saka masyarakat lan ngrembaka ana ning satengahing masyarakat kang bisa awujud lisan lan tulisan.
Jinising cerita rakyat yaiku:
1.      Dongeng, kang awujud
a.       Fabel yaiku dongeng utawa cerita kang paragane kewan
b.      Mite yaiku dongeng utawa cerita kang nyritaake bab alaming lelembut
c.       Sage yaiku dongeng utawa cerita kang nyritaake lelakon utawa parjuangane para pahlawan
d.      Legendha yaiku dongeng utawa cerita kang nyritaake asal-usul papan panggonan.
2.      Geguritan
3.      Gancaran ( prosa ).
Wacan ing ngisor iki wacanen batin!
SEJARAHE SUMPAH PEMUDA
Saben tanggal 28 Oktokber bangsa Indonesia padha mengeti dina Sumpah Pemuda. Kadadean kasebut dipengeti saben taun. Amarga lelakon mau dadi daya kekuwatan kanggo nggugah rasa semangat lan tekade bangsa Indonesia anggone bisa uwal saka regemane kaum penjajah.
Ing sakawit bangsa Walanda tekane ana ing bumi Indonesia iku mung arep dagang. Gegandhengan nyumurupi kemakmurane negara Indonesia banjur tuwuh karepe kepengin nguwasani. Kabeh kekarepane mau banjur dileksanakake kanthi cara-cara kang kasar lan julig banget. Wekasane bangsa Walanda bisa nguwasani bumi Nuswantara sakisine nganti telung atus seket taun lawase.
Ana sawetara priyayi kang ngendika, manawa kalahe bangsa Indonesia dhek rikala nglawan Walanda amarga gegamane kalah modern. Bab iku mujudake sawijining alesan sing kurang trep utawa kurang gumathok. Coba saiki kita priksani Perang Diponegoro. Pangeran Diponegoro anggone nglawan penjajah Walanda nganti limang taun suwene yaiku taun 1825 – 1830. Ing samengko kita bandingake karo Perang Dunia I kang suwene mung patang taun lawase yaiku taun 1914 – 1918.
Kanthi mangkono Perang Diponegoro bisa kanggo bukti manawa kekuwatan rakyat sing nyawiji dadi sawijining kekuwatan sing ampuh, ora gampang dikalahake. Bukti liyane maneh yaiku rikala perang kamardikan kabeh rakyat Indonesia anggolongake tekad nyawiji ngusir penjajah Walanda saka bumi Indonesia. Dadi cekak aose kalahe bangsa Indonesia anggone nglawan penjajah iku amarga ora ana persatuan lan kesatuan antarane bangsa Indonesia dhewe.
Gegandhengan bukti-bukti kang wis nyata manawa persatuan lan kesatuan iku mujudake gegaman kang ampuh, pemudha-pemudha kang wektu iku isih asipat kesukuan lan kedhaerahan padha nganakake konggres. Konggres Pemudha sing kapisan yaiku tanggal 2 Mei 1926. Dene Konggres Pemudha sing kapindho tanggal 28 Oktober 1928. Ana ing Konggres Pemuda sing Kapindho iku organisasi-organisasi kepemudaan kaya ta Yong Java, Yong Sumatra, Yong Selebes, Yong Ambon padha nyawiji ngikrarake persatuan Indonesia. Dene ikrar kasebut kanthi jeneng Sumpah Pemuda.
(Djarot Heru Santosa, 2008:73)



Pitakonan!
Apa tegese tembung-tembung kang magepokan karo wacan ing nduwur!
Uwal :
Regemane :
julig:licik :
modern :
gumathok :
nyawiji :
cekak aose :
asipat kesukuan :
konggres :
ikrar: janji :
sakawit:wiwitane :
nyumurupi:



Wangsulana pitakonan ing ngisor kanthi ganep lan migunakake basa krama kang trep!
1.      Saben tanggal pira bangsa Indonesia mengeti dina Sumpah Pemuda?
2.      Apa tujuan sakawit bangsa Walanda teka ana ing Indonesia?
3.      Apa sebabe bangsa Walanda kepengin nguwasani Indonesia?
4.      Wenehana tuladha cara-cara julig lan kasar bangsa Walanda kanggo nguwasani Indonesia!
5.      Apa sebabe bangsa Indonesia kalah mungsuh kaum penjajah?
6.      Wenehana bukti manawa kekuwatan rakyat kang nyawiji dadi kekuwatan kang ampuh kanggo ngadhepi penjajah!
7.       Kapan Konggres Pemuda Kapisan diadani?
8.      Kapan Konggres Pemuda Kapindho diadani?
9.       Sebutna organisasi pemudha kang padha melu konggres ing Konggres Pemudha Kapindho!
10.  Sebutna isi ikrar Sumpah Pemudha !



Tidak ada komentar:

Posting Komentar