UNIT I
Standar
Kompetensi:
ü Siswa mampu
mendengarkan dan memahami berbagai wacana lisan dalam berbagai ragam bahasa
jawa.
Kompetensi
Dasar:
ü Mendengarkan dan
memahami cerita yang dibacakan (misalnya : cerita wayang, cerita rakyat, atau
sejenisnya)
Tujuan Pembelajaran:
ü Menjelaskan
nilai-nilai yang terkandung dalam cerita yang didengar.
Materi Pokok:
ü Teks cerita
(misalnya : cerita wayang, cerita rakyat, atau sejenisnya)
I.
NYEMAK
Cerita rakyai iku crita urip lan
ngrembaka ing daerah tartamtu lan lestari nganti turun temurun. Dene ing tlatah
Kendal wae ana warna-warna, umpamane Nyai Sedhapu sing dadi cikal bakal kutha
Boja, legenda Curug Sewu, Guwa Kiskendha, lan sapiturute. Tuladha:
Timun Mas
Dek jaman biyen ing
salah sawijining desa, ana mbok randa sing urip dewe ora ana anak utawa
sedululur. Amarga urip dewe mbok randa mau kepengin duwe anak. Saben dina mbok
randa ndonga awan bengi ing ngarsane Gusti Allah supaya diwenehi anak. Dheweke
akin memawa penjaluke bakal dikabulake dening Guti Allah.
Tanpa sangertine mbok
randa, anggone donga awan bengi ing omahe kuwi mau keprungu Buto ijo sing
kebeneran liwat sacedhake kono. Buto ijo banjur nyeluk mbok randa supaya metu
saka omahe. mbok randa kaget ngerteni ana Buto ijoing ngarep omahe.
Sawise ora miris maneh
ngerteni Buto ijo sing gedhe tur medeni kuwi, si Buto ijongomong menawa bisa
nulungi menehi anak. Mbok randa bungah atine krungu kandane Buto ijo kuwi mau
lan nyaguhi kabeh penjaluke Buto ijomenawa diwenehi anak tenan.
Penjaluke Buto ijo
yaiku menawa anake mbok randa wis gedhe dijaluk arep dipangan. Sabanjure Buto
ijo iku menehi wit timun sing kudu di tandur mbok randha. Sawise Buto ijo kuwi
mau lunga, mbok Randa nandur wiji timun iku ana kebone. Wiji kuwi dirumat lan
diopeni kanthi gemathi, disiram, diresiki sukete lan dirabuk supaya cepet
tukul.
Sawise tukul lan dadi
wit timun kang subur, wit timun iku mau wis pada uwoh. Ing antarane akehe woh
timun, ana salah sijine timun kang nganeh-anehi. Rupane kuning emas lan gedhene
sak guling. Timun iku banjur pecah lan ing njero timun mau ana bayi manungsane.
Mbok randa bungah atine
amarga penjaluke kepengin duwe anak wis kaleksanan. Mbok randa ngucapake syukur
marang Gusti Allah amarga dongane wis diijabah. Bayi iku mau wadon, pakulitane
resik alus kaya kulit timun amarga laer saka timun sing kuning kaya emas, bayi
wadon kuwi mau dijenengake Timun mas.
Sawise Timun mas
ngancik dewasa, mbok randa kelingan janjine karo Buta menawa arep menehake
Timun mas. Mbok randa dadi susah atine, rina wengi mbok randa donga supaya entuk
pitulungan saka Gusti Allah. Salah sawijining wengi, mbok randa ngimpi ketemu
pertapa ing gunung gandul.Pertapa kuwi mau sing bisa nulungi supaya Timun mas
ora dijupuk sang Buto.
Esuke mbok randa lungo
menyang gunung gandul kaya impene. Sawise ketemu karo pertapa kaya ing impene,
mbok randa disangoni buntelan kanggo Timun mas. Pertapa kuwi mau menehi pitutur
piye carane supaya Timun mas bisa oncat saka bebaya ngadepi sang Buto. Sawise
ngucapake maturnuwun mbok randa pamitan mulih.
Tekan omah mbok randa
menehi buntelan kang cacahe papat, lan dituturi piye carane nggunake. Mbok
randa ngonggkon Timun mas lungo saka omah lan mlayu sak cepet-cepete. Sawise
iku Buto ijo kang arep jupuk Timun mas teka ing omahe mbok randa banjur nesu
ngerteni Timun mas wis ora ana. Buto ijo nesu lan ngamuk, kebonne mbok randa
dirusak banjur bengok-bengok ngoyak Timun mas.
Amarga Buto ijo
jangkahe amba sedela wae Timun mas wis meh kasil koyak. Timun mas bajur
nguncalake buntelan sing isine wiji timun. Dumadakan dadi kebon timun kang akeh
woh timune, Buto ijo mandeg lan mangan timun sing katon seger-seger kuwi mau.
Sawise timune entek sang Buto ijo kelingan menawa ngoyak Timun mas. Buto ijo
banjur ngoyak Timun mas maneh sing wis mlayu tekan adoh.
Lagi sedela wae sang
Buto ijo wis meh kasil ngoyak Timun mas. Buntelan sing isi dom terus diuncalake
Timun mas. Dumadakan dadi alas pring sing ngalangi playune Buto. Tapi sedela
wae Buto ijo kasil bisa metu saka alas pring kuwi mau.
Timun mas banjur
nguncalke buntelan kang isine uyah, lan malih dadi segara kang amba lan jero.
Buto ijo nglangi ing segara kuwi mau tetep ngoyak Timun mas lan kasil mentas
saka segara. Timun mas arep kasil koyak meneh, banjur nguncalake buntelan
kang pungkasan.
Buntelan kang isine
trasi malih dadi segara lendhut kang jero. Buto ijokecemplung lan kangelan
mentas saka lendhut kuwi mau. Pungkasane Buto ijo kang ngoyak Timun mas iku
mati kleleb ing njero segara lendhut. Timun mas akhire selamet lan urip tentrem
karo mbok randha.
I.
Wangulana
pitakonan ing ngisor iki!
1.
Anake
mbok randha jenenge sapa?
2.
Saka
wit apa asale anake mbok randha?
3.
Saka
sapa awit-awitane anake mbok randha kuwi?
4.
Syarate
menawa anake wis gedhe arep kudu diapaake?
5.
Spa wae
lakon ana ing crita kuwi?
II.
Gawenen
ringkesan carita Timun Emas kuwi nganggo basa dhialeke dhewe-dhewe!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar