MATERI KELAS VIII SEMSTER I UNIT 6 (maca)

Standart Kompetensi:
ü  Siswa mampu mendengarkan dan memahami berbagai wacana lisan dalam berbagai ragam bahasa Jawa.
Kompetensi Dasar:
ü  Membaca bacaan sastra, misalnya : geguritan, cerkak, prosa.
Tujuan Pembelajaran :
ü  Membaca karya satra dengan tempo, nada, dan intonasi yang baik
ü  Menceritakan isi bacaan dengan berbagai ragam bahasa Jawa
ü  Menulis susastra ringan/sederhana.
Materi Pokok:
ü  Teks bacaan sastra, misalnya geguritan, cerkak, dan lain-lain.

I.                   MACA
Maca geguritan iku ana tata carane, sanajan tata cara iku antarane wong siji lan sijine ora padha, nanging kabeh mau duwe ancas supaya anggone maca geguritan iku kedal (pocapan)
Lan lagu (wirama) saben-saben ukara ing sajroning geguritan ikubisa trep karo isine geguritan.
Ana bab kang bisa katindaake kanggo mbiyantu supaya kasil anggone maca geguritan, yaiku:
1.      Pahami isi geguritan kanthi cara maca batin
2.      Tegesana tembung kang kaangep angel lan kendala kanthi trep. 

Ing ngisor iki ana tuladha geguritan, wacanen batin, pahami isine, yen ana tembung sing angel suwunake priksa marang Bapak/Ibu Gurumu!







images (1).jpgSIMBOK
Katresnan kang ora winates
Sak jroning ubenge arcapadha
Mbok wukir, mbok segara
Kalah lungkrah ora ana sepira
            Asmarane tanpa tanding
            Kanggo wak mami
Manungsa saka wutahe rah
Asihe mlaku mrasuk sak jroning jiwangga
Simbok
Raja brana tan mokal ana
Kang bisa ginanti dening katresnanmu
Marang aku, anakmu


Tidak ada komentar:

Posting Komentar