MATERI KELAS VIII SEMSTER I UNIT 3 (nulis)

Standart Kompetensi:
ü  Mampu menggungkapkan pikiran, pendapat gagasan dan perasaan secara tertulis dalam berbagai tulisan dalam ragam bahasa Jawa yang sesuai unggah-ungguh basa yang benar.
Kompetensi Dasar :
ü  Menulis laporan berkunjung ke suatu tempat.
Tujuan Pembelajaran:
ü  Menulis laporan kunjungan.
Materi Pokok:
ü  Laporan kunjungan.

I.                   NULIS

Sawise nganaake sawijining kegiatan biasane kudu nggawe laporan kegiyatan. Laporan iku bisa laporan formal utawa informasi.
Laporan formal yaiku laporan kang awujud tinulis kang nggunaake urut-urutan tartamtu. Dene laporan informal yaiku laporan kang awujud gancaran, bisa lisan utawa tulis.
Dene gunane laporan yaiku:
1.      Minangka pertanggung jawaban marang pendhuwuran utawa utawa wong liya bab apa wae kang wis dadi jejibahane utawa dhuwit kang digunaake.
2.      Kanggo dokumen kang sawayah-wayah bisa dadi bahan piwulang tumraping wong liya.
3.      Nggladhi kataliten lan cara organisasi kang bener, amarga laporan iki wigati banget mligine tumrap sawijining organisasi, badan, dinas utawa perusahaan.
Kanggo nggampangake anggone gawe laporan, luwih becik nganggo urutan:
a.    Nemtokake tema.
b.    Ngumpulake bahan.
c.    Gawe cengkorongan (kerangka karangan).
d.    Ngembangake cengkorongan, dijlentrehake dadi ukara manut gagasan kang wis digawe.
e.    Menehi irah-irahan (judul).


Ing ngisor iki tuladha laporan kegiyatan, setitekna!
Bebuka :
          1. Dianakake dina sabtu lan minggu tanggal 13-14 Oktober 2012
          2. Siswa kelas 7 wajib melu
          3. Tujuane Penutupan Masa Orientasi Siswa (MOS)


Kegiyatan:
          1. Jam 15.00 : Upacara pambuka
          2. Jam 16.00 : PBB (pelatihan baris-berbaris)
          3. Jam 20.00 : Pentas seni
          4. Jam 22.22 : Leren
          5. Jam 02.00 : Nembangake tembang pramuka
          6. Jam 06.00 : Olahraga esuk
          7. Jam 08.00 : persiapan upacara penutupan
          8. Jam 08.30 : upacara panutup

Panutup :
          Hikmah sing bisa dijupuk teka pramuka

          Jam  15.00  aku  wis  tutuk  sekolah  gawe  persiapan  upacara  pambuka. Sakbubare iku  aku  dilatih  PBB (pelatihan  baris-berbaris)  karo  kakak        pembina.  Terus  sholat  lan  mangan  dilanjutake  karo  pentas  seni.  Ing pentas  seni  aku  lan  kanca-kanca  ngetoake  nari,  ana  sing  nyanyi,   ndongeng,  lan     akeh  maneh.
          Sakbubare  pentas  seni  aku  turu, aku  digugah  karo kakak  pembina  jam  02.00  gawe  dilantik  dadi  anggota  pramuka. Mari  pelantikan  aku  dikon  turu  maneh  karo  kakak  pembina .  Jam   04.00  aku tangi  maneh  gae  sholat  shubuh,  mari  sholat  shubuh  aku  olahraga  mlayu-mlayu  karo  kakak  pembina  lan  kanca-kanca  mubengi  SMP.  Mari olahraga  aku  ringkes-ringkes  barange aku.  Terus  upacara  panutup  lan  balik menyang  omah .

Hikmah kang iso dijupuk teko kegiatan ing nduwur :
          1. Dilatih disiplin karo kakak pembina
          2. Dilatih Mandiri
          3. Dilatih kerjasama anggone sak kelompok.

Gawenen salah sijining laporan kegiyatan!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar