KAWRUH SAPALA I (pepindhan)



PEPINDHAN
Pepindhan: unen-unen kang ngemu teges pepindhan lumrahe migunakake tembung kaya, lir, pendah, pindha, kadi, kadya.
Pepindhan iku saka tembaung “pindha”(tegese memper, irib-iriban, pepandhan/tetandhingan) , pepindhan (dirangkep purwane lan oleh panambang(akhiran) –an) pindha——pipindha +an, banjur owah dadi pepindhan.
Tuladha :
1. Tandange kaya jangkrik mambu kili, yaiku tandang kang cukat, kaya orep nyaut mungsuhe utawa ngemah-ngemah mungsuhe
2. Tandange kaya bantheng ketaton, yaiku tandang nggegirisi ora wedi sapa-sapa.
3. Swarane kaya mbelah-mbelahna bumi, yaiku swara kang sora, banter utawa seru.
4. Lambayane kaya merak kesimpir(sengkleh/tugel), lumrahe lambeyane wong njoged.
5. Rukune kaya mimi lan mintuna.Mimi lan mintuna iku bangsane kewan segara. Mimi iku wadon dene mintuna iku sing lanang. Yen sesaba prasasat ora tau renggang, awor terus.
6. Panase kaya mecah-mecahna gundhul, ateges panas banget, nganti kaya mecahake sirah. Gundhul=sirah dicukur rambute.
7. Tandange kaya sikatan nyamber walang, tegese tandange trengginas cekat-ceket.
8. Sumbare kaya bisa mutungake wesi gligen. Gligen: wesi sing kuwat banget(batangan).
9. Kuning pindha mas sinangling. Siangling: digosok nganggo sangling(piranti kanggo nggosok emas)
10. Putih memplak kaya kapuk diwusoni. Wusu iku araning piranti kang wujude kaya gendhewa nanging cilik.
11. Cahyane nglentrih kaya rembulan karahinan. Rahina=awan.
12. Lakune kaya macan luwe(macan ngelih).Tegese lakune alon banget(glendheh-glendheh)
13. Mbranyake kaya Srikandhi ( samba). Praen mbranyak iku kang rada ngangak, lumrahe guneme kumrecek tur sentak.
14. Ruh-ruhe kaya Sumbadra. Ruruh=rada ndhungkluk. Lumrahe guneme kumrecek tur sentak.



Golekana Apa Pepindhane?
1. Rupane bocah loro iku meh padha, kaya ….
2. Swarane Parno sora banget, kaya ….
3. Pasedulurane bocah loro iku ora bisa akur. Kaya ….
4. Awan iki panas banget, kaya ….
5. Ahmad lan Badrun rukun banget kaya ….
6. Ani manawa njoged lembeyane, kaya ….
7. Pinanganten kakung baguse kadya Raden Kamajaya dene ingkang putri, kaya ….
8. Bareng Pak Guru duka, bocah-bocah cep klakep kaya ….
9. Dedeg piadege gagah prakosa kaya, kaya ….
10. Bocah loro iku anteng banget, kaya ….



Tidak ada komentar:

Posting Komentar