SUNAN KATONG LAN PAKUWAJA
Asal-usul Jeneng Kendal
Cerita-cerita tutur ngenani Sunan Katong lan Pakuwaja kang wis sumebar ing
madyaning masyarakat, wondene Pakuwaja gelem mlebu agama Isalam umpamane Suanan
Katong bisa ngalahake kasektene. Bundayudhane
antara Sunan Katong lan Pakuwaja ora mung jiwa raga ananging nganti tumuju
babagan olah batin. Oetilan cerita iki kurang luwihwe kaya mengkene:
“Kanti
direkake kanca loro lan siji sedulure bundayudhane antara Sunan Katong lan
Pakuwaja dilakoni kanti tenanan ora mung etok-etokan . Bundayudhane wong-wong
sekti sing ora kena didelok mata wong biasa kekarone oyak-oyakan awit saka
ndharat nganti tumeka ana ing sak dhuwurw banyu kanti wektu suwe. Saksuwenw
bondhoyuda Pakuwaja ora tahu menang malah kapara keplayu nganti umpetan.
Ingkang ana pikirane Pakuwaja dikira Sunan Katong ora mangerteni anggomne
Pakuwaja ndhelik.
Kebeneran
banget rikala semono ana wit gedhe kang growing sedeng kanggo melebu wong,
terus sak banjure wit growing mau kang ndhelik Pakuwaja kang ndhuweni
pangarep-arep
Sunan
Katong ora weruh. Umapamane pangarep arepe Pakuwaja iki bener mula bandhayuda
dimenangake pakuwaja. Nanging kanti ilmu kang pinunjul kang dindhuweni Suanan
Katong sing pungkasan cucu Raden Fatah kuwi kasil nemukake ndhelike Pakuwaja
lan sakbanjure Pakuwaja pasrah utara nyerah karo Suanan Katong.
Koyodene janjine, sakbanjure Pakuwaja ngucapaken loro
kalimah syahadat minangka tandha mlebune Islam. Karo Sunan Katong wit sing
kango paanggonan umpetan Pakuwaja kuwi diparingi jeneng Wit Kendal ( Al-Qondal
) sing artine penerang. Ing papan kene iki Pakuwaja kabukak lan dadi terang
sakteruse mlebu Agama Isalam. Wondene kali sing digawe pasulayan karo-karone
priyayi iku diparingi jejeng Kali Kendal, yaiku kali kang misah antarane
kutha Kendal, panggonane ing Masjid Agung Kendal. Pakuwaja kang sakdurunge karo
masyarakat akeh diundang Empu Pakuwaja, wondene Sunan katomh
maringi jeneng Pangeran Pakuwaja. Suwijinig pakurmatan amarga deweke
bener-bener wong nignrat Mjapahit. Sakwise iku deweke milih manggon ana ing
Desa Getas Kecamatan Patebon Kabupaten Kendal, lan kadang-kadang dewekw manggon
ana ing padepokane sing manggon ana ing alas Sentir utawa gunung Sentir, lan
sak banjure dadi siswane Sunan Katong. Wondene wit sing manggon ana ing sakkiwatengene
wit Kendal diarani/dijenengi Kendalsari”.
Kendal,
Mei 2008
Dari Gerbang Majapahit sampai pintu
Mataram
Kendal seri 01
Karepta
dening
Ahmad
Hamam Rochani
Sakliyane
crita ing nduwur ana crita maneh sing nyritakake Babad Kutha Kendal.,
crita iku kacuplik saka crita ing Kethoprak Wondene kurang luwihe cekake
Critane mengkene:
“Rikala
semana ana salah sijine para Wali Sanga yaiku arane Kajeng Sunan Kalijaga duwe
gaman kang banget ampuhe yaiku arane Keris Sabuk Inten. Kanjeng Sunan Kali Jaga
duweni karep yen kerise kuwi pingin digaweakake duplicate ing salah sijine
siswane kang dadi empu kondang utawa kang wis misuwur, yaiku jenenge Pakuwaja
sakliyane kuwi Kanjeng Sunan Kalijaga duwe murid maneh jenenge Raden/Sunan
katong, Raden Gembyang lan Raden/Wali Jaka.
Sawijining
dina Kanjeng Sunan Kalijaga ndhawuhi para siswane yaiku Raden/Sunan katong,
Raden Gembyang lan Raden/Wali Jaka. Dhawuhe mengkene “ He sira Katong, saiki
sira dhak utus menyang omahe Pakuwaja amarga aku ndhadhakake tiruane Keris Sabuk
Inten ning kono, jarene Pakuwaja suwene patang puluh dina keris wis dadi lan
bakal diterake mrene, nanging nganti saiki miturut petungku wis ana patang
puluh dina luwih kok Keris Sabuk Inten lan tiruane durung diterake mrene, yo
wis kana ndhang jupuka saiki , ature Katong “ Inggih Kanjeng Sunan Kula
ngestokaken dawuh, kula nyuwun tambahing pangestu, yo tak pangestuni muga-muga
sira enggal entuk gawe.
Cekake crita Raden
Katong wis tekan omahe Pakuwaja, banjur wawan pangandikan:
Raden Katong : “ Assalamu’alaikum “
Pakuwaja : “ Wa’alaikum salam “ O,
Raden Katong kok njanur gunung wonten wigati
punapa nggih ?
Raden Katong :
mekaten, kula dipun utus Kanjeng Sunan Kalijaga supados mendet Keris Sabuk
Inten saha duplikatipun
Pakuwaja : O, Ingih sekedap kula
pendetaken , niki ingkang asli, lan niki ingkang
duplikat( sakwise entuk gawe Raden Katong banjur
nyuwun pamet mulih cepet-cepet nemoni Kanjeng Sunan Kalijaga )
Raden Katong : Assalamu’alaikum wr.
Wb
Sunan
Kalijaga : Wa’alaikum wr, wb. Kepriye sira Katong entuk gawe apa ora
Raden
Katong : Alhamdulillahirrabbil ‘alamin pangestunipun kula angsal damel Sunan Kalijaga : kene-kene jajal tak deloke kaya apa
kerisse, lho sumurupa sira kabeh Katong, Gembyang lan Jaka, keris sing mbok gawa iki karo-karone duplikat kabeh ora ana sing asli, ooo yen mengkono Pakuwojo wis mblenjani aku, wis ngene
saiki ayoaku diderekake tak
nemoni Pakuwojo ning ngomahe
Cekake crita Kanjeng Sunan Kalijaga karo para siswa
tumuju ana ing omahe Pakuwaja, waktu semono, Pakuwaja wis krasa yen Kanjeng
Sunan Kalijaga mesti arep ning omahe lan nesu amarga keris sing asli ora
diwenehke, bareng Kanjeng Sunan Kalijaga wis tekan omahe Pakuwaja, deweke
langsung mlayu karo nggawa keris sabuk inten, nalikane Pakuwaja mlayu
kadenangan karo Sunan Kalijaga lan para siswane, banjur dioyak sak kecekele,
ndhumadakan rikala semono ana wit kang gede banget kang growong bisa sedeng
kanggo umpetan manungsa, ing kono Pakuwaja ndhelik, para siswa ora pada weruh
ndhelike pakuwaja, ananging kanti kawaskinate Kanjeng Sunan kalijaga ndhelike
Pakuwaja bisa dikaweruhi, ngendikane kajeng sunan kalijaga “ kae ana wit gede
kang growong he… Katong lan sira kabeh
kana cekelen pakuwaja ndhelik ana ing kana, inggih Kajeng Sunan (ature Raden
Katong ).
Sakwise dicekel Pakuwaja mbudidaya uwal saka cekelane
Raden Katong lan wadya balane, ndumadhakan isa uwal, banjur Sunan Kalijaga
ngendika “ yen ana rejaning jaman kene iki tak jenegke Kendal Growong “ nganti
saiki katelah Kendal.
Pakuwaja mlayu nggembrit ngidul nganti tumeka Desa
Singapadu sing saiki katelah Desa Sukadana Kecamatan Kendal, sing asal-usule
desa kaya ngene, Pakuwaja kebingunangan banjur umpetan ning nggone Pak Singa
lan Mbok Singo. Sanajan Pakuwaja arep umpetan ning ndiwae bakal kawestara
anggone umpetan, Kanjeng Sunan Kalijaga banjur nekani omahe Pak Singa lan Mbok
Singa banjur ngendika “ Pak Singa lan kowe Mbok Singa apa sira apa sira weruh
anggone Pakuwaja umpetan “,Pak Singa lan kowe Mbok Singa ora njawabi pitakone
Kanjeng Sunan Kalijaga, amarga arep njawabi bingung wusana pungkasane wong loro
malah pada padu dewe-dewe, nalika semana Pakuwaja banjur mlayu metu saka lawang
mburi, sakwise Pakuwaja lunga saka omahe Pak Singa lan Mbok Singa banjur
Kanjeng Suanan ngendika yen ana rejaning jaman kene iki tak jenengke Desa Singo
padu sing saiki jenenge Desa Sukadana.
Pakuwaja anggone mlayu nganti tumeka desa Kaliwungu
kang asal-usule critane kaya mengkene: “ Nalika semono pakuwaja wis kentekan
dalan ora isa mlayu maneh amargo dikepung wong pirang-pirang ing antara Kanjeng
Sunan kalijaga , Raden katong, Raden Gembyang lan Raden joko, wusana dadi
bandhayuda antarane Pakuwaja lan Raden Katong, bundhayuda ing ndharat nganti
ana ing tengahe kali kekarone nganti suwe anggone bandhayudha amarga kekarone
pada degdayane, Pakuwaja ngunus Keris Sabuk Inten ditancepake ana ing awake
Raden Katong, semono uga Raden Katong ngunus keris sing kanggo sipat piyandele
lan dincepake ana ing awake pakuwaja nganti karo-karone tumekaning pralaya
sampyuh ing saktengahng kali, nalika semono warnae banyu kali warna ungu ,
banjur Kanjeng Sunan Kalijaga ngendika “ kene iki yen ana rejaning jaman tak
jenengke Desa Kaliwungu.
Mengkono crita ketorpak sing tak rungokake wondene
bener orake crita Wallahu”alam bishshawab.
(Kendal, Mei 2009 Sing ngrungokake cerita Rozikin AR)
Gladhen 1
Wangsulana
pitakon-pitakon ing ngisor iki nganggo basa karma alus!
1. Apa sing dadi penjaluke Pakuwaja marang Suanan
katong?
2. Apa mwae Bandhayudha kekarone sing dilakoni ?
3. Anggone bandhayudha dikancani sapa wae ?
4. Anggone bandhayudha ana ing ngendi wae ?
5. Wusanane sapa sing menang anggone bandhayuda ?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar