KAWRUH SAPALA III (cangkriman)

Cangkriman yaiku unen unen utawa tetembung kang kudu dibatang itawa di bedhek maksude. Cangkriman uga di arani badhekan utawa batangan. Cangkriman kaperang dadi papat, yaiku :
a). Awujud tembung wancahan (cekakan), tuladha (contoh) 
  • Pak beletos : Tapak kebo lelene satus
  • Pak bomba, pak lawa, pak piyut = tapak kebo amba, tapa ula dawa, tapak sapi ciyut
  • Pindhang kileng : sapi nang kandhang, kaki mentheleng
  • Bot ginawa entheng, theng ginawa abot : klobot ginawa entheng, gentheng digawa abot
b). Awujud pepindhan (emper-emperan), tuladha (contoh) :
  • Sega sakepel dirubung tinggi : salak
  • Pitik walik saba kebon : nanas
  • Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong : kates
  • Pitik walik saba meja : sulak, kemoceng
  • Emboke di elus elus anak di idak idak : andha
  • Gajah nguntal sakrah : pawon
  • Kebo bule cancang merang : buntil
c). Awujud plesedan utawa blenderan, tuladha (contoh) :
  • Wong wudunen kuwi sugih pari : pringisan
  • Ora usah mutung. Mutung apa? Mutung kesarung (lutung kasarung)
d). Awujud sinawung ing tembang, tuladha (contoh) :
Bapak pocung cakemu marep mandhuwur,
sabamu ing sendhang,
pencokanmu lambung kering,
prapteng wisma si pocung muntah guwaya
(batangane = klenthing/jun)
Bapak pocung renteng renteng kaya kaliung
dawa kaya ula
pencokanmu wesi miring
sing disaba si pucung mung turut kurha 
(batangane : sepur)


Tidak ada komentar:

Posting Komentar