Materi Kelas IX Semester 1


                                                              WULANGAN 1 
                                                              PENDIDIKAN

I. NYEMAK
Standar Kompetensi : Mampu memahami dan menangapi berbagai ragam wacana lisan tentang bahasa, sastra dan budaya Jawa melalui menyimak informasi dari media elektronik maupun cerita yang disampaikan secara langsung atau melalui rekaman.
Kompetensi Dasar : Menyimak dan menanggapi siaran dan informasi dari media elektronik, tuturan langsung atau pembacaan teks.
Indikator : 
               * Mengungkapkan kembali secara lisan isi yang terdapat dalam media cetak
* Mengungkapkan kembali secara tertulis isi yang terdapat dalam media cetak  
* Mengidentifikasi ungkapan-ungkapan yang mengandung nilai-nilai budi pekerti
Materi : Wacana “ Salin Jaman Salin Tatanan
A. Nyemak wacan.
Salah siji siswa maca, liyane nyemak.
          SALIN JAMAN SALIN TATANAN
Ing ngendi papan, wektu, jaman biyen, saiki nganti tekan besuk kabeh wong padha nindakake tata krama. Mung wae kudu eling papan siji lan sijine, desa siji lan sijine, kutha siji lan sijine malah negara siji lan sijine ana bedane, ora padha cak-cakane. Trep karo unen-unen: desa mawa cara negara mawa tata, salin enggon salin tatanan. Unen-unen basa Indonesia: “ Lain ladang lain belalang, lain lubuk lain ikannya”.
Ngecakake tata krama iku kudu empan papan, aja nganti digebyah uyah. Anggone nindakake kudu ngelingi papane, kahanane, wektune, dicocogake karo kala mangsane. Kena diunekake salin jaman salin tatanan. Sing biyen dianggep becik, bok menawa saiki bisa dianggep ala. Kang saiki ala bisa uga besuk kalebu becik.
Tuladhane: Dhek biyen wong omong mangan karo omong utawa mlaku iku ora becik. Jaman saiki lumrah wae wong mangan karo omong utawa karo mloka-mlaku, kaya dene yen jagong ing acara manten/ syukuran, bubar salaman karo sing duwe gawe banjur diacarani dhahar prasmanan, lumrahe ing gedhung ora dicepaki kursi akeh kaya cacahe undhangan, mula banjur ana sing dhahar karo ngadeg lan ngobrol. Biyen bocah sekolah, kudu lungguh bangku ngrungokake lan nggatekske karo tanganne sedheku. Saikimmurid nalika ing kelas ora kudu tumindak mangkono, bisa bebas sing penting tertib. Biyen wong mlaku ing kraton utawa cedhak kraton karo ndhingkluk lan meneng, nanging saiki malah padha guneman, menga-mengo, tudang-tuding karo ndeleng mrana-mrene.
Mesthi wae ana bab liya sing biyen al saiki iya ala, umpamane: bab colong jupuk, ngapusi utawa goroh, wani marang wong tuwa, ulangan sekolah ngepek. Mangkono uga biyen becik saiki iya tetep becik, besuk uga tetep becik, umpamane: seneng tetulung, seneng weweh, bekti marang wong tuwa, sregep sinau, sregep nyapu, jujur, lan sapanunggalane.
Nindakake tata krama iku padha karo nggunakake pangati-ati, deduga lan prayoga. Kabeh tumindake wong urip kuwi becik yen tansah nganggo: deduga, prayoga, pangira-ira, pangati-ati, reringa, weweka. Kabeh kuwi tegese padha. Ingkang Sinuwun Pakubuwana IV ing bukune Wulangreh paring dhawuh menawa duga lan prayoga iku katindakake yen pinuju lungguh, ngadeg, mlaku, omong, meneng, turu, mangan, sebab duga lan prayoga iku pirantining urip sing ora kena ditinggal. Kabeh mau sinawung ing tembang Pangkur:
Iku parabot satuhu
Tan kena tininggala
Deduga lawan prayoga
Myang watara reringa aywa lali
Tangi lungguh angadeg tuwin lumaku
Angucap meneng anendra,
Ringa-ringa aywa lali.
Cekak aose sakabehing tumindake wong urip ing alam donya kudu nganggo tata krama, tansah nganggo deduga utawa pangati-ati. Sing gelem nindakake tata krama uripr bakal tentrem, begja, tansah nemu keslametan ing sadhengah papan. Sapa sing bisa migunakake tata krama kanthi becik bakal mundhak ajining dhirine, dikurmati, diajeni wong liya lan dadi tuladha urip sing utama. ( Sudiyatmana, 1994).
B. Kawruh Basa
Apa tegese tembung kang kacithak miring ing ngisor iki ?
1. Ngecakake tata krama karo sapa wae.
2. Kalamangsa dheweke sinau kelompok karo aku.
3. Aja kewanen, apike ngenggo deduga.
4. Wani karo sedulur iku ora prayoga.
5. Atur panuwun sinawung ing tembang Dhandhanggula.
6. Aywa sira gunggung dhiri, iku tan prayoga.
7. Apa perabot rumah tangga wis padha ditata ing omah anyar ?
8. Sang prabu kondur saking kedhaton banjur nendra ing pagulingan.
9. Satuhune pancen beda kahanan jaman biyen lan saiki.
10. Aja digebyah uyah, ora saben siswa ora duwe tata krama, isih akeh sing duwe subasita.
C. Mangsuli Pitakon
1. Sapa sing kudu nindakake tata karma ?
2. Nindakake tata krama kudu dikulinakake wiwit cilik. Apa sebabe ?
3. Apa sebabe nindakake tata krama kudu nggatekake panggonan ?
4. Coba wenehana tuladhane tata krama sing kok ngerteni !
    a. ing sekolah  
    b. ing omah
5. Aranana tuladhane tata karma : 
                a. Sing biyen dianggep ala saiki dianggep lumrah. 
                b. Biyen dianggep ala, saiki tetep dianggep ala. 
                c. Biyen dianggep becik, saiki lan besuk uga becik.
II. MICARA
Standar Kompetensi : Mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan dan tanggapan dalam berbagai bentuk wacana lisan dan non-lisan tentang bahasa, sastra dan budaya Jawa dengan menggunakan santun bahasa atau unggah-ungguh bahasa sesuai dengan konteks buaya Jawa.
Kompetensi Dasar : Memperkenalkan diri dan orang lain dengan sikap santun dan dengan tingkat tutur yang tepat.
Indikator : * Melafalkan kalimat perkenalan berbahasa Jawa dengan tingkat tutur ngoko dan atau krama dengan lancar dan intonasi yang sesuai denga konteks pembicaraan.
* Mengembangkan wicara perkenalan dengan menggunakan tingkat tutur ngoko dan atau krama.
* Mengidentifikasi ungkapan-ungkapan dan perilaku sebagai penanda sikap santun.
Materi : Pacelathon.
A. Pacelathon
Tindakna pacelathon iki !
Dina senin iku, dina sing wigati tumrap para siswa SMA Taruna Bakti sebab Masa Pengenalan Sekolah diwiwiti. Sarampunge upacara pembukaan MPS, ana wektu kanggo leren sawetara. Sinambi ngenteni kegiatan sabanjure, ana siswa kang mloka-mlaku karo kancane sing wis kenal, ana sing mung lungguhan ing ngarep kelas, ana sing maca madding utawa koran ing papan informasi.
Widada mung ijen ing SMA Taruna Bakti, ora ana kanca sing saka SMP sadurunge, dheweke banjur nyedhaki bocah sing ana ing sisihe, karo ngulungake tangane, tembunge alon, polatane grapyak lan sumanak.
Widada : “Kenalke, aku Widada kelas XB, yen kowe ?”
Andika : ”Andika, aku iya kelas XB, sajake aku wis tahu weruh kowe sadurunge, nanging neng endi ya, aku kok lali.”
Widada : ”Lha neng endi, apa nalika ing kene njupuk formulir pendhaftaran, apa neng endi coba eling-elingen?”
Andika : ”O, ya, apa kowe melu club basket, sajake tahu tandhing karo club basket karo SMP ku biyen.”
Widada : “Bener, mula aku sajak wis tahu weruh kowe, omahmu ngendi An ?”
Andika : ”Desa Karangsari cedhak daleme Pak Lurah, yen kowe endi ?”
Widada : ”Yen omahku rada adoh saka kene, ing Perumahan Griya Mulya, kira-kira ya 8 km saka kene.”
Andika : ”Wah yen ngono budhalmu sekolah luwih esuk tinimbang aku ya, aku yen sekolah mung mlaku lho.”
Widada : ”Kepenak kuwi, yen aku jam 6.15 wis kudu mangkat, ngepit alon-alon, kira-kira jam 6.45 wis tekan.”
Andika : ”Mengko lungguhe jejer wae, kapan dolan omahku, apa mengko bali sekolah mampir ?”
Widada : ”Ya kena wae, kae wis bel, ayo neng aula sekolah mesthine kegiyatan bakal dibacutake.”
Andika : ”Ya ayo….”
B. Unggah-ungguh
Saka pacelathon antarane Widada lan Andika bisa kajupuk dudutan yen bocah loro iku migunakake tata krama ingsrawunge. Sanajan migunakake basa Jawa ngoko sing prasaja, nanging bocah loro iku tansah ajen-ingajenan. Ora migunakake tembung sing kasar sing bisa gawe seriking ati. Tansah grapyak lan sumanak. Tembunge kepenak dirungokake lan gawe enaking ati sing diajak srawung.
Pancen tetembunganwong guneman iku warna-warna. Ana sing mboseni utawa gawe gela sebab tembunge nylekit, gawe serik. Tetembungan bisa ngraketake paseduluran, nanging bisa methalake kekadangan. Yen ora ngeti-ati, tembung sakecap bisa gawe serik selawase urip.
Ana tembung sing bisa natoni utawa nyilakani wong liya. Ana tembung kang landhep, landhepe ngungkuli pedhang. Mula diati-ati ing saben ucap, tembung lan gunem. Mung wae, banjur aja wedi guneman. Becike guneman saperlune, lumrah lan sacukupe wae.
Sing kudu digatekake wong guneman :
1. Sapa sing diajak guneman ?
2. Kapan wektune ?
3. Ing endi papan ?
4. Basa apa sing digunakake ?
5. Apa sing dirembug ?
6. Kepriye kahanane sing diajak guneman ?
Tetembungan sing diucapake nalika upacara lumrah lan cetha, banter, santak, ora gojak-gajek. Beda karo tetembungan nalika matur guru, utawa nyuwun priksa nalika pelajaran, ukarane becik anggone ngucapake alon/alus. Kanthi mangkono wong sing guneman bakal diajeni wong liya sebab bisa ngetrepake karo kahanan.
C. Gawe Pacelathon
Gawea pacelathon prasaja sawise rampung banjur tindakna karo kancamu !
Bab sing digawe pacelathon bisa milih andharan iki :
a. Pitepungan Pak Basuki minangka wali kelas XB marang siswane.
b. Bu Widati minangka warga anyar tepungan karo Bu Rani.
c. Suhardi pitepungan karo kanca-kanca ing kursus komputer.
d. Pak Sugita minangka guru ekstra karawitan karo siswa kelas XA.
III. MACA
Standar Kompetensi : Mampu membaca dan memahami berbagai teks bacaan tentang bahasa, sastra dan budaya serta menganalisis struktur dan isinya.
Kompetensi Dasar : Memahami dongeng atau cerita
Indikator : * Mengungkapkan ringkasan isi dongeng atau cerita wayang denga bahasa Jawa tingkat tu-tur krama.
* Mengidentifikasi ungkapan-ungkapan yang mengandung nilai-nilai budi pekerti dalam dongeng atau cerita wayang.
Materi : Membaca cerita wayang
A. Crita Wayang
Wacanen kanthi premati !
                                    SEMAR
Semar iku putrane Sang Hyang Wenang lan Dewi Wiranti. Sedulure Semar ana loro yaiku Sang Hyang Antaga ( Togog) lan Sang Hyang Manikmaya ( Bathara Guru ).
Sedulur telu iku dumadi saka cahya putih kaya dene endhog. Kulite dadi Antaga, putihe dadi Ismaya (Semar ) lan kuninge dadi Manikmaya ( Bathara Guru). Nalika Semar manggon ing kahyangankanthi asma Sang Hyang Ismaya.
Sesebutan Semar liyane Ki Lurah Badranaya, Nayantaka, Janggan Asmaransanta, Bogajati, Boga Sampir mapan ing Karang Kedhepel. Sadurunge dadi Semar, wujud BAthara Ismaya sing bagus lan mapan ing kahyangan. Nanging banjur dadi Semar, cendhek, mblendhung wetenge lan rembes mripate.
Critane mangkene :
Sedulur telu yaiku Antaga, Ismaya lan Manikmaya melu sayembara. Sapa bisa ngelu jagad bakal dadi ratuning kahyangan. Sepisan Antaga nyoba, ora bisa malah suwek lambene banjur salin wujud dadi Togog sing amba lambene. Semar bisa ngulu jagad, nanging ora bisa ngetokake mula wetengedai gedhe. Sing bisa mung Manikmaya, mula banjur diangkat dadi ratuning Dewa ing kahyangan kanthi sesebutan Bathara Guru.
Dening Sang Hyang Wenang, Ismaya kadhawuhan mudhun ing ngarcapada, donyaning manungsa dadi pamomonge satriya, kalebu leluhure Pandhawa saanak turune. Semar duwe anak telu yaiku Gareng, Petruk, Bagong. Banjur wong papat diarani Panakawan utawa Punakawan (pana: ngerti, kawan: kanca).
Semar tansah paring wewarah marang bendara kang lagi susah atine. Negara sing kena pageblug, katekan Semar bisa dadi tentrem, ayem lan mulya. Tumrap para satriya Pandhawa, Semar dianggep pepundhene dewa ngejawantah, bisa ngerti sadurunge prakara dumadi ing donya.
Sanajan ala wujude, Semar luhur bebudene, tata kramane ganep, sabar, ora tau nesu, tresna asih marang sapadhane lan wicaksana. Yen lagi nesu , dewa utawa manungsa ora ana sing bisa nandhingi, kajaba Sang Hyang Wenang.
Budi Pekerti :
1. Aja mbiji manungsa saka blegere awak, nanging saka tumindake. Wong becik rupane durung mesthi luhur budine.
2. Abdi kudu setya lan bekti marang bendara.
3. Manungsa kudu bisa nampa pepesthening / takdire Gusti.
(Jatirahayu, 2002: Mutyara Rinonce, Budi Pekerti Ing Pewayangan)
B. Kawruh Basa
Tembung ing wacan iki golekana tegese !
1. Panjenengan asmanipun sinten ?
2. Semar iku asale saka kahyangan.
3. Semar mudhun saka kahyangan menyang ngarcapada.
4. Abdina Raden Arjuna iku diarani panakawan / punakawan.
5. Ing negara Ngamarta lagi ana pageblug, kawula lara esuk, sore mati.
6. Gusti kang Maha Kuwasa kang nyiptakake jagad saisine.
7. Para guru tansah paring wewarah marang muride.
8. Para pepundhen ingkang tansah kinurmatan.
9. Semar iku dewa kang ngejawantah dadi manungsa lumrah.
10. Blegere Semar pancen ora sepiraa, nanging luhur bebudene, sekti mandraguna.
C. Mangsuli Pitakon
Kawangsulana nganggo basa karma !
1. Sinten Semar menika ?
2. Sedherekipun wonten pinten, cobi kasebatna ?
3. Kadospundi dumadine Semar sesedhereipun ?
4. Sinten kemawon sesebatanipun Semar ?
5. Nalika ing kahyangan kadospundi kawontenanipun Semar ?
6. Menapa sebabipun Semar dados ala wujudipun ?
7. Menapa sebaipun Manikmaya dados ratuning dewa ?
8. Antaga lan Ismaya wujudipun dados awon, menapa sebaipun ?
9. Sinten kemawon punakawan menika ?
10. Kadospundi watakipun Semar menika ?
IV. NULIS
Standar Kompetensi : Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, dan gagasan tentang bahasa, sastra, dan budaya Jawa dalam ragam tulis
Kompetensi Dasar : Menulis wacana beraksara Jawa..
Indikator : Mengalihaksarakan kata dan kalimat yang beraksara latin dalam aksara Jawa de-ngan tepat.
Materi : Menulis aksara jawa
A. Intisarining Wacan
Cobi waosan Semar menika kaserata intisarinipun, utawi karingkes, lajeng dipunserat bab ingkang pokok-pokok kemawon, kanthi basa ingkang sae !
B. Nulis Tata Krama
Ing mata pelajaran PKK mesthine para siswa wis tau oleh pamulangan bab tata kramane wong mangan. Kajaba iku ing kulawarga mesthi diajari carane mangan kang becik utawa malah duwe pengalaman tata kramane wong mangan ing omah, yen duwe tamu, utawa ing restoran.
Tugas
Tulisen tata kramane wong mangan, yaiku :
1. Bab-bab sing kudu ditindakake nalika wong padha mangan bebarengan.
2. Bab-bab kang ora oleh katindakake nalika wong padha mangan bebarengan.
C. Nulis Jawa
Kaserata mawi aksara Jawi !
1. Antaga lan Manikmaya iku sedulure Semar.
2. Bisa ngulu jagad dadi ratu kahyangan.
3. Sedulur telu dumadi saka cahya putih.
4. Bathara Ismaya bagus rupane.
5. Lurah Badranaya mapan ing Karang Kedhepel.
6. Ismaya kadhawuhan mudhun ing donya.
7. Momong para satriya kalebu PAndhawa.
8. Semar, Gareng, Petruk, Bagong iku Punakawan.
9. Bendara sing susah atine dilelipur.
            10. Semar ala wujude nanging luhur budine


Materi Kelas IX Semester 1

                                                                   WULANGAN 2 
                                                                   KASUSASTRAN

I. NYEMAK
Standar Kompetensi : Mampu memahami dan menanggapi berbagai ragam wacana lisan tentang bahasa, sastra dan budaya Jawa melalui menyimak informasi dari media elektronik maupun cerita yang disampaikan secara langsung atau melalui rekaman.
Kompetensi Dasar : Menyimak dan menanggapi geguritan
Indikator : 
* Menceritakan kembali dengan kata-katanya sendiri mengenai isi geguritan dalam bahasa jawa denga tingkat tutur krama. 
* Mengidentifikasi ungkapan-ungkapan yang mengandung nilai-nilai budi pekerti dalam geguritan.
Materi : Geguritan
A. Nyemak Geguritan
Geguritan menikasalah satunggaling wujud asiling kasusastran Jawi gagrag enggal ingkang nggadhahi cakrik mirunggan. Nanging eman sanget boten kathah tiyang mliginipun para anem ingkang nggatosaken. Kamangka, geguritan kathah ingkang ngemu suraos luhur, ingkang mekaten wau saged kawastanan sastra adiluhung. Ing ngelmu kasusastran Yunani, bab menika saged nggadhahi fungsi dulce (kaendahan) lan fungsi utile (kagunan/paedah). Satunggaling asiling kasusastran kasebut endah lan sae yen fungsi kekalih wau saged nyawiji, inggih menika endah yen kawaos lan migunani tumrap budi pekertining tiyang ingkang maos/ mirengaken.
Cobi geguritan menika kawaosa kanthi irama ingkang sae! Siswa sanesipun nyemak !
AJA KUWATIR PAHLAWANKU
Angitane : R. Bambang Nursinggih
Ocehe dhandhang manitir nguntabake bandhosa
Mrambat lon-lonan lumaku tumuju girilaya
Kairing swasana tintrim lan wingit ngayut jiwa
Swara sesenggukan ndudut rasa, saya agawe nelangsa
Bandhosa kang lagi mondhong layon
Ora perduli apa kang mentas kelakon
Panggah tetep siaga ngenteni urut-urutane lakon
Nadyan ana udan gludhug ora dipaelu tetep kukuh santosa
Kang wigati jejibahane mbopong layone kusumayuda
Tekan pucuk punthuke sasanalaya ora gawe kuciwa
Aruming kukus ratus ngambar sumebar kumelun ngekuwung mendhuwur
Kumlebete kembang setaman kacampur sadana minangka sawur
Kairing swara kidung mbrengengeng lamat-lamat mangungkung
Mimbuhi rasa sungkawa kang jero tumrap kang lagi suwung
Sumitra lan sedulur samya manekung santi puja
Muji lelabuhane pupus puspa kang kapagut ing rananggana
Katrima minangka amal baktine Ing Ngarsa Dalem Allah Ta’ala
Uga marang kang kapegatan, kaparingan kekuwatan iman ora ngglewang
“Aja kuwatir pahlawanku” arep dak terusake gegayuhanmu
Dak sembadani nganti penjajah oncat saka pangkoning ibu
Uga mberat reretu kang ngaru biru warisan kang wiwit semrawut
Najan bakal lampus dadi wadal nusul sliramu kapundhut ngayun.
( Nursinggih, 2005 )
B. Teges Tembung
Cobi kapadosana tegesipun tembung manika, saged ningali Kamus Basa Jawi.
1. Dhandhang                                            9. sungkawa
2. Girilaya                                                10. sumitra / mitra
3. Bandhosa                                             11. manekung
4. Kusumayudha                                      12. puspa
5. Sasanalaya                                           13. rananggana
6. Dipaelu                                                14. reretu
7. Ratus                                                   15. ngayun
8. Dana
C. Mangsuli Pitakon
Kawangsulana ngangge basa ingkang sae !
1. Geguritan dipunwastani puisi bebas, menapa sebabipun ?
2. Menapa sebabipun geguritan ugi kawastanan sastra adiluhung ?
3. Fungsi / paedah menapa ingkang saged kapendhet saking geguritan ?
4. Kadospundi tembung ing geguritan ?
5. Menapa sebabipun geguritan migunanitumrap tiyang gesang ?
D. Ngandharake Panemu
Kawangsulana adhedhasarpengalaman lan pamanggih para siswa:
1. Menapa para siswa remen dhateng geguritan ? Yen remen menapa dhasaripun, yen boten remen menapa sebabipun ?
2. Kajawi geguritan, ing kasusastran Jawi, menapa ingkang dipunmangertosi para siswa ?
3. Kadospundi pamanggihipun para siswa bab pamilihing tembung ing geguritan” Aja Kuwatir Pahlawanku” ?
4. Geguritan “Aja Kuwatir Pahlawanku” isinipun :
a. Gampil dipunpahami
b. Angel dipunpahami
5. Menapa intisarinipun geguritan “ Aja Kuwatir Pahlawanku” ?
II. Micara
Standar Kompetensi : Mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan dan tanggapan dalam berbagai bentuk wacana lisan dan non- lisan tentang bahasa, sastra dan budaya Jawa dengan menggunakan santun bahasa atau unggah-ungguh bahasa sesuai dengan konteks budaya Jawa. 

Kompetensi Dasar: Menceritakan berbagai pengalaman berbahasa Jawa sesuai dengan konteksnya. 

Indikator : 
 * Menceritakan secara lisan pengalaman pribadi dan atau orang lain (yang lucu, menyenangkan, mengharukan, dsb) dengan pilihan kata dan ekspresi yang sesuai dalam bahasa Jawa tingkat tutur ngoko dan atau karma. 
* Menanggapi pengalaman yang diceritakan orang lain dengan bahasa Jawa tingkat tutur ngoko dan atau krama 

 Materi : Dhiskusi bab geguritan
A. Geguritan
Ingkang kedah dipungatosaken nalika maos geguritan 4 W:
1. Wicara = pocapan / lafal
2. Wirama = irama / lagu
3. Wiraga = solah / gerak, pasemon / raut muka
4. Wirasa = penjiwaan.
Katrangan :
Nalika maos geguritan , posapan kedah cetha, boten groyok, blero utawi mangu-mangu ( ragu-ragu ). Kedah saged ngucapaken aksara kanthi leres, umpaminipun mbedakaken aksara a/o; t/th; d/dh; è/ é/ ê, lsp.
Iramaning tiyang maos geguritan saged minangka pandudut (daya tarik) tiyang ingkang mirengaken. Sora utawi boten iramanipun kalarasaken kaliyan isinipun geguritan. Geguritan kanthi tema perjuwangan temtu anggenipun maos sora (banter), semangat. Beda kaliyan maos geguritan isi kesusahan, kasmaran temtunipun pamaosipun langkung alon, sareh.
Ebahing badan lan pasuryan (rai) kedah dipungatosaken kedah luwes (ora kaku) lan sampun ngantos ketingal kadamel-damel.
Wirasa kaetrepken kaliyan isining geguritan umpaminipun : nesu, gumbira, sisah, kejem, wibawa, getun, lsp.
B. Dhiskusi.
Sawise para siswa nyemak wong / siswa / kanca maca geguritan banjur dhiskusi karo kancamu, carane :
Gawe klompok watara bocah 4 – 5.
Sing dirembug / bahan dhiskusi umpamane :
Bab sing digatekake nalika gawe geguritan.
Bab sing digatekake nalika maca geguritan.
Bab sing kudu disingkiri nalika maca geguritan.
Kaluwihane geguritan katandhingake kasusastran liyane.
Kawigatene para mudha marang geguritan.
Carane nglestarekake geguritan.
Asile dhiskusi ditulis sing becik, bisa ditempelaku ing mading sekolah, supaya bisa diwaca lan migunani tumrap siswa liyane.
III. Maca
Standar Kompetensi : Mampu membaca dan memahami berbagai teks bacaan tentang bahasa, sastra dan budaya serta menganalisis struktur dan isinya.
Kompetensi Dasar : 1. Membaca geguritan.
2. Melagukan dan memahami tembang Macapat
Indukator : 1. a. Membaca geguritan
b. Mengidentifikasi ungkapan-ungkapan yang mengandung nilai-nilai budi pekerti dalam geguritan
2. a. Melagukan tembang macapat.
b. Mengidentifikasi ungkapan-ungkapan yang mengandung nilai-nilai budi pekerti dalam tembang macapat
Materi : 1. Membaca geguritan
2. Melagukan tembang macapat
A. Lomba Maca Geguritan
Carane nindakake lomba maca geguritan :
1. Gawe klompok 5 – 8 siswa.
2. Anggone lomba, bisa milih papan sing cocog, umpamane: ing taman sekolah, hall, perpustakaan, ruang ketrampilan. Klompok siji lan sijine yen bisa aja nganti awor panggonan.
3. Miliha salah siji siswa sing dadi ketua.
4. Geguritan sing kanggo lomba bisa disinau dhisik ing omah.
5. Saben siswa saklompok kabeh kudu maju lomba geguritan.
6. Sing dibiji 4 W, kaya katrangan ing dhuwur.
7. Saben siswa duwe biji kanca saklompoke, banjur diwenehake ketua klompoke supaya dijumlah.
8. Bijine antarane 60-100.
9. Sing dadi juwara klompok, ditandhingake ing kelas, banjur ana juwara kelas (tata carane padha karo lomba klompok).
10. Juwarane bisa milih klas.
Conto daftar biji geguritan :
No.
Nama Siswa
Wicara
Wirama
Wiraga
Wirasa
Jumlah
1.
2.
3.
Lst.
B. Bahan Lomba Geguritan
Sing dienggo lomba bahane bisa milih salah siji ing ngisor iki :
a. Geguritan anggitane Bambang Nursinggih, Aja Kuwatir Pahlawanku.
b. Geguritan anggitane Wisnoe Wardhana, Laku Utama
c. Geguritan anggitane Drs. Wahyu S.T, Piwelinge Ibu.
LAKU UTAMA
Anggitane : Wisnu Wardhana
Lakuning urip para satriya
laku yeku tata cara
tata mamrih tumatane jagad
cara murih gangsaring panindak
tumuju mring karahayon
ayuning tri buwana
lestarining kamulyan jati.
Urip teges makarti
kanthi pakarti kang pekoleh
lelambaran budi luhur
kalakon lumaku mulus
rawe-rawe rantas malang-malang putung
sagung pepalang ing marga
satriya hambengkas karya
nora mindhon gaweni
Satriya rembesing madu
solah bawa manis titis
tedhaking amara tapa
suci nora kaworan rereged
turasing andana warih
sung pepadhang myang pamudharan
Laku utama nora biyen saiki
lakuning jalma linuwih
kaluwihan tapa brata
kalebu ing jagad rame
ing ngendi ana, ana perbawa
sunaring kabecikan
aruming kaendahan
tumanduk samaning gesang
rumesep ing balung sungsum
resep idhep-idhep mantep.
PIWELINGE IBU
Anggitane : Drs. Wahyu ST
Ngger, diati-ati aja seneng nyenyandhung
arum endah kembang bakung
kesrimpung slendang
kesandhung gelung
kagubel kalung
Ngger, aku tansah ndonga lan ngidung
supaya kacekel anggonmu mbujung
aku tansah eling piwelinge ibu
nalika aku arep budhal sinau
Ngger, urip mono awujud laku
ombyaking donya aja kapaelu
aja kapilut gebyaring lampu
kang kairing jejogedan lan gumuyu
Ngger, urip kang prasaja
aja mung mburu barang donya
ditansah eling lan waspada
swarga ora dumunung ing kedheping netra
tansaha dedonga marang kang maha kwasa
Matur nuwun ibu
pangandikamu rumasuk ing balung sumsumku
pindha latu mangalad-alad jroning kalbu
saengga paiting bratawali ora tau keprungu
aku setya tuhu marang piwelingmu
kang putra tansah nyuwun pangestu.
C. Tembang Macapat
Tembang macapat kalebu asiling kabudayan Jawa. Lumrah diarani puisi terikat sebab anggone gawe nuhoni aturan tertamtu: guru lagu, guru wilangan, guru gatra.
Coba tembang Gambuh iki tembangna ijen utawa bebarengan. Yen durung bisa, bisa ngrungokake kaset tembang macapat, ngrungokake bapak/ ibu guru nembang, utawa nyuwun priksa marang bapak/ ibu utawa sapa wae sing bisa nembang.
GAMBUH
Cakepan: Wulang Reh, Paku Buwana IV.
3 5 5 5 3 5 6
Ja ngan-ti ke – ban - jur
6 5 3 2 2 3 5 5 3 5 6
Sa – ba-rang po – lah kang no – ra ju - jur
2 1 6 1 2 2 2 2 2 3 1 6 5
Yen ke-ban - jur sa – yek – ti ko – jur tan be – cik
1 2 2 2 3 1 2 3
Be-cik ngu-pa – ya - a I – ku
3 5 6 5 3 2 3 1 2
Pi – tu – tur ing-kang sa - yek-tos
Cakepan liyane :
♣ Pitutur bener iku
Sayektine apantes tiniru
Nadyan metu saking wong sudra papeki
Lamun becik nggone muruk
Iku pates sira anggo
♣ Ana pocapanipun
Adiguna adigang adigung
Pan adigang kidamgh, adigung pan esthi
Adiguna ula iku
Telu pisan mati sampyoh
♣ Si kidang umbagipun
Ngandelaken kebat lumpatipun
Pan si gajah ngandelaken geng a inggil
Ula ngandelaken iku
Mandine kalamun nyakot.
1. Teges tembung
♣ polah : tumindak
♣ sayekti : sanyatane
♣ kojur : cilaka
♣ ngupaya : golek
♣ muruk : nuturi, mulang
♣ adigang : ngendelake kekuwatane
♣ adigung : ngendelake kaluhurane, kaluwihane
♣ adiguna : ngendelake kepinterane
♣ esthi : gajah
♣ umbag : watak
2. Mangsuli Pitakon.
Wangsulana adhedhasar pamanggihipun para siswa piyambak !
Kadospundi wekasanipun tiyang ingkang boten jujur ?
Pitutur lan tumindak ingkang kedah dipunconto ingkang kadospundi ?
Sinten ingkang dados gegambaran gadhah watak adigang, adigung lan adiguna ?
Ingkang gadhah watak adigang, adigung, adiguna bakal cilaka, menapa buktinipun ?
Piwulang menapa ingkang saged kapendhet saking tembang Gambuh ing nginggil ?
IV. Nulis
Standar Kompetensi : Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, dan gagasan tentang bahasa, sastra, dan budaya Jawa dalam ragam tulis.
Kompetensi Dasar : 1. Membaca gancaran ( prosa)
2. Membuat geguritan
Indikator : 1. Membuat gancara ( prosa) menggunakan bahasa yang sederhana.
2. a. Menentukan tema geguritan
    b. Membuat geguritan
 c. Memasukan ajaran moral atau nilai-nilai budi pekerti dalam geguritan yang dibuat.
Materi : Membuat gancaran dan menulis geguritan.
A. Gancaran
Gancaran inggih menika prosa utawi andharan bebas, kados dene yen damel karangan.
Tugas

Sekar Gambuh ing nginggil ( 4 pada ) kadamela gancaran ngangge ukara prasaja.

B. Gawe geguritan.
Geguritan saged kawastanan puiasi bebas, sebab langkung mardika (Cacahing tembung, larik) boten kaiket paugeran tertamtu kados tembang. Sanajan ukaranipun kathah nanging maknanipun kempel, manunggal lan runtut. Caranipun damel geguritan kanthi damel cengkorongan ( kerangka) utawi boten. Urut-urutanipun damel umpaminipun :
1. Nemtokaken tema
2. Milih irah-irahan ( judul) ingkang sae, narik kawigatosaning pamaos, sokur yen cekak aos/ mentes.
3. Milih tetembungan ingkangsae
4. Antawisipun irah-irahan la nisi, kedah wonten sambungipun
5. Saged migunakaken purwokanthi, basa lan susastra.
Kadamela geguritan ingkanng temanipun ing ngnadhap menika, saged milih salah setunggal :
1. Kabudayan / kesenian
2. Kaendahan
3. Katresnan
4. Perjuwangan.